Metokake Kendhuren

oleh -
kadhung tresno
kendhuren
Hidangan dalam kenduri. KH/WG.

Umetu, ametu, metu; iki tembung-tembung andhahan (tembung kang diturunake, diwijilake, didhapuk) saka tembung lingga (pralambang adeg-jejeging manungsa; kaya jlenggrenge gunung; anane manungsa kang mlaha; mula buka; snajan ana sesebutan lingga ‘kata-dasar‘ kang dhapukane 1 wanda [‘suku kata’], ingaran ‘wod‘: yaiku oyod, tegese, wod iku oyode lingga [manungsa]; oyoding oyod) “wetu“. Seselan (‘sisipan‘) {-um-}, ater-ater (‘awalan‘) {a-Nasal}, lan ater-ater {ma-} kang diwuwuhke, diimbuhke, digathukke ing tembung {wetu} (‘morfem terikat‘) nuwuhake teges kriya, makriya, tandang, utawa tanduk. Anane kriya ing kedadeyan ‘mimbuhi’ utawa ‘muwuhi’ wuwuhan (‘afiksasi‘) iki kajurung karana anane wuwuhan-wuwuhan mau lan Si Wetu dhewe; loro-lorone tan bisa pinisahake. Supayane kriya umetu, ametu, metu, dumadi. Manu-ngsa metu. Tetuwuhan-tetaneman metu. Sato-kewan metu. Bebarengan metu.

Kabeh kawiwitan saka kriya ‘metu‘. Ing kala wetune dhewe. Slameta anggone omah-omah (bebrayan agung). Mbesuke.

(M)Obah-gesang bebrayaning manungsa sajroning omah-omah kapratandhanan dening adat saben kang ingaran ‘metokake‘. Metok(a)ke iku kriya agawe metu. Telu-telune (manungsa, tetanduran, sato-kewan) duwe sipat cedhak karo kriya ‘nuju ing jaba(n)‘; saka jero(n). Papan pribadi nuju papan bebarengan. Linuwih tumrap manungsa. Pangangkahe: slamet-rahayu lakune. Bisa manuksma: nyawiji klawan Gusti kang akarya jagad. Kanthi metok(a)ke.

Kendhuren(an).

Kang di(w)etok(a)ke ing papan-bareng kang sinebut papan-kendhuren(an) ya wulu-wetu asil bumi pakebonan-pategalan lan sato-kewan ingon-ingon (iki rong prakara kang nyengkuyung adeg-jejege pakulawangsane manungsa: 1] pari, palawija, jejanganan, lan 2] kewan). Ing weton (dina klairan; dina dadi) tartemtu. Kala kalane metu (weton mau) sambung karo wewatekane. Saben titah, yaiku kang urip (alam uga diarani urip; mula yen negor kayu utawa manen tetanduran kae dipaske sipat wetone), anduweni sipat dhewe-dhewe. Utamane magepokan karo bab wukune. Kang wus diwarisake, diwasiatke, dieling-eling, disarujuki bebarengan.

Gumantung perlune kendhuren(an).

Acarane apa. Gumbregan, rasulan (ngaturke-bali asil olah bumi), nyadran, ruwahan, bada, ambal-warsa, kepyakan-wewangunan, (a)merti-kali, (a)merti-dhusun, utawa upacara kaslametan liya. Kridha metok(a)ake diwujudake barang kang sinebut tumpeng (penakan-sega; wewangunan sega [barang-adi; pari] kang anggunung; ana kang ginawe gurih rasane; sega-gurih) lan uba rampe lelawuhan utawa pepanganan asil pategalan pakebonan utawa olahan sato-kewan (lumrahe iwen-iwen; ayam; ingkung) kang tumata ing kiwa tengene.

Ambengan jenenge. Yaiku sega (tumpuk-gunung; tumpeng) lan rerampadane.

Sadurunge ambengan ginawa myang papan-kendhurenan, tumpeng lan rampadane (pepanganan lan lelawuhan kang tinata ngubengi sega; lumrahe asil olah tani lan ngingu kewan; laras karo adat ing enggone dhewe-dhewe) direngga ing wadhah-bunder (ajang/piring, loyang, kalo, tampah, lsp.). Tumpenge (sega awewangun pasungan utawa kukusan utawa gunungan; ‘sel kerucut’) ing tengah dikepung dening rerampadan mau; yaiku wewujudan ‘mandhala’ utawa ‘mandaragiri’ utawa sesebutan liya sawangsane. Ing kene tumpeng dadi punjering jagad. Madeg minangka pancer. Kang nyamektakake ambengan-mancer ya para wanita, para mamak, para simbok. Para Sri. Sakwise samekta, enggal metok(a)ke ambengan kang wus siyaga saka pawon. Nuju ngarepan.

Para jaler kanthi gupuh banjur metok(a)ke: nggawa-sarta ambengane saka omah (papan-pribadi) nuju papan-kendhuren(an). Ing bale dhusun. Bale desa. Kali. Sasanalaya. Tlaga. Tuk. Papan-ibadah. Gunung. Gisik. Lan liya-liyane. Bebarengan karo tanggane. Rame-rame. Ambengan dipapane satengahing kalangan kendhuren(an). Kaya dene tumpeng kang mapan ing pancer wadhah-bunder (loyang utawa ajang utawa tampah; wewujudan cangkanging bulus) kinupeng rerampadan. Ambengan semono uga: mungguh ing galihing kalangan kendhuren(an) kinepung-kinupeng para jaler kang padha makriya kendhuri. Si Ambengan ndayani para jaler (kulawangsa). Dene para jaler samya njaga lan genti ndayani ambengan-ambenganing kulawangsa. Ing pancere.

Dayan-dinayan, njaga-jinaga, ngreksa-winreksa, wis manjing dadi adat, penggalihan, rasa-pangrasane manungsa (utamane dhusun/desa) tembayatan karo alame. Para kulawangsa ngupengi alam (ambengan), kosok balene alam (ambengan) mangaribawani omah-omahing manungsa. Sambung-rasa antarane kulawangsa manungsa lan alam kang diwujudake ing ritual kendhurenan adate dilantarake dening sawijining tetuwa. Kaum. Kepala. Ki utawa kyai. Manganggo mantra, unen-unen, sabda, donga, pamuji, pangajab, patur-pakurmatan marang leluwur, nyenyuwun myang Gusti Kang Akarya Gesang mugia pinaringan kaslametan-karahayon. Mligine tumrap papan, barang-urip, utawa kulawangsa kang wosing gati ing wektu kuwi dikendhureni, sumrambah marang samukawis perkara kang handayani rancag-lancaring urip bebrayaning para kulawangsa manungsa. Nir ing sambekala. Ya lumantar ambengan kang didongani. Disuraki “hamiiin” ing pungkasaning gati.

Ambengan ing kendhuren(an) iku ngelingake marang wetu(an): kalairan, mula-buka, sa(ng)ka(n). Manungsa kang rawuh ing kono. Tiga(n) kang pecah. Kang umetu, ametu, metu ing alam raya iki. Pralambang tigan, ing upacara-slametan tartemtu, kaya ing kendhurenan, dianggo barang rerampadan. Kang umetu, ametu, metu padha bebarengan njejegake urip sajroning omah, njur omah-omah (akeh omah). RT, RW, dhusun, uga desa. Mula, sega-gunung utawa sega-tumpuk lan pepanganan ing kiwa tengene, kang wewujudane kadya gunung-geni lan lemah subur ing kiwa tengene, ingaran ambengan. Njaga, ngreksa, kiwa tengene (kula-wangsa manungsa). Kosok-balene, para kulawangsa manungsa genti njaga-ngupeng ambengane; gunung genine.

Saresmine ‘sentrifugal‘ lan ‘sentripetal‘ kalakon; jinurung para jaler kang metok(a)ke ambengan; lajering bebrayan agung.

Satemah metok(a)ke iku, lumantar daya kang umetu, ametu, metu ing papan-swasana sing sinebut kendhuren(an), yaiku papan pangeling-eling, papan nuju, papan nglairke maneh, bab dumadine jagad lan isine, kang swasanane ngambeng-ambeng (ngupeng lan njaga), nglebokake rasa kang ora bisa kinaya takerane. Tumrape kula-wangsa manungsa.

Saknyamlenge berkat, ya ulih-ulih, kang ginawa wangsul menyang omahe sa-kula: sangkan-parane dhewe-dhewe.

__

[WG]

Komentar

Komentar