
Wong-wong Gunungkidul kondhang kaloka minangka tedhak turune kulawangsa kang padha nisih-sumingkir ing Pareden Kidul kene. Mbuh jane ki sumingkir nuju asepi, kesingkir ing giring (pinggir) krajan, nyingkiri sawijining bebaya, utawa apa.
Sedhep-sengire carita pancen ngono: tembung-tembung rikala diswarakke nemahi owah diprungu. Ning, sing karan janganan woh-wohan ya dadi rerampadane tumpeng rikala kendhurenan; kulawangsa kang sumingkir dadi rerampadane kulawangsa ing negaragung.
Mula tuwuh Kepanjen Sumingkar, sakelor-kulone Alas Bunder. Semingkir, minangka rerampadan, ndadekke seger lan ecane gudhangan, trancam, lan liya-liyane.
Dene sumingkir, ing papan dunung kang sepi. Nglatih supaya para manungsa nyenyepi marang pamrih. Ngirih-irih ngemohi ecaning panganan: semingkir.
***
(WG).