
Lodhang lan longgar. Iki tembung-tembung kang makili jalarane wong-wong padha wedangan lan dhahar sega-jangan ing pasar. Swasanane guyon. Gumyak. Sumanak, “Mangga, pinarak!” Kepara sipate ora mung longgar-lodhang wae, ning malah nglodhangake lan nglonggarake. Durung nganti diaturi, wis lungguh dhewe ing kursi. Sing dhisik nggembol kahanan: nggunakake. Dene sing keri nyangking krenteg: sengaja, karep.
Loro-lorone gayeng. Gremeneng.
Panjenengan sadaya wis pirsa, wis luwih apal, sing jenenge ing pasar-pasar ing wewengkon Gunungkidul ki wrata bisa ditemoni papan (warung ing jeroning pasar) kanggo wedangan lan jajan dhaharan.
Wedange teh teko gula watu. Ana unjukan liya kayata kopi lan es-esan (teh, jeruk). Kondhange Gunungkidul, salah sijine, ya karana budaya wedangan teh gula watu iki. Mbuh wiwitane piye. Pancen perlu riset serius kanggo mangerteni kepriye sejarahe.

Mbokmenawa budaya wedangan ing warung iku salah sijine ya seka adat-sabene kang padha dol-tinuku ing pasar banjur mencok ing warung saperlu adol-celathu sinambi ngunjak-unjuk wedang.
Lha sadurunge iku, adat-sabene para padagang, patani, ing daleme dhewe-dhewe, pancen wis kulina wedangan. Njur budaya iki ginawa-sarta ing papan-papan patemone para kulawangsa, klebu pasar minangka papane nyumanak-nyumadulur, iya dol-tinuku lantarane.
Mula, wedangan ing pasar tan liya ya mung ‘mindhah-enggon‘ adat sabene para kulawarga rikalane ing omah. Pindhah ing pasar.
___
Penulis: Wong Gunung.