Pawon

oleh -9594 Dilihat
oleh
Piranti ing Pawon; Wajan lan Kekeb. KH/Kl.
Piranti ing Pawon; Wajan lan Kekeb. KH/Kl.

Toya muluk ing gegana
Banyu muncrat tekeng langit
Geni tiba maletiking angin
[Gara-gara]

Awu: tembung lan barang iki, kang gampang tinemu ing omah-omah ndhusun nuduhake marang awake dhewe (anduweni budaya-mangsak nggunakake kayu) bab sawijining wujud kang bakal tinuju. Yaiku dening kayu. Lantarane Sang Hyang Agni (geni). Lan reroncen tetembungan kanggo nggambarake dumadine kayu anuju awu ora bisa dituturke kanthi wijang, gamblang, cetha, dening Si Kayu marang Si Agni; Si Geni; Sang Apuy. Iku ujare.

Ujare sapa?

Mengkono pojar puisine Sapardi Djoko Damono (mbuh Mbah Sapardi ika ngripta puisi “Aku Ingin” ing antologi “Hujan Bulan Juni” kang nyilih geni, uga banyu, minangka lantaran ndumadine sawijining wujud utawa ora; aku sing cubluk babagan interpretasi puisi ra pati ngerti).

Sing cetha takngerteni, paling ora, awu iku papane ing pawon. Dhapukane pawon iki tembung andhahan ({pa-} + {awu} + {-an}), tegese tembung kang wis katurunake saka tembung asale: {awu}. Beda karo tembung pawuhan. Yen pawuhan papane uwuh utawa wuh ({pa-} + {wuh} + {-an}). Tegese pawon, ‘papane awu’. Pawon minangka perangan omah kang mesthi ana. Dianakke. Uripe angganing keluwarga kang nindakake laku omah-omah (‘berumah-tangga’) sajroning omah bisa lestari merga anane perangan omah sing diarani pawon iki. Dhahar, utawa nedha, kang minangka pra-syarat lestarine wong kang padha omah-omah, bisa kaleksanan saka adege pawon. Kepara, budaya mangan, tumrape komunitas kang wus ngrembakakake budaya-tani, dumadi ing sangisoring songkok, song, payung, empyak, kang diarani pawon. Pawon yaiku papan utawa panggon ing endi awu dumadi. Papan panggodhokan. Papan padangan. Papan panggorengan. Papan kang tandang-gawe ing jerone manganggo keren lan kayu (jaman saiki: kompor).

Ana pawon kang anggane dadi siji karo omah; ana kang awujud emplek-emplek utawa omah-omahan ing pinggiring wewangunan omah; ana kang pisah dhewekan ora nyawiji karo omah. Pawon minangka papan rikala dhahar/nedha, kang ing konteks basa Indonesia ingaran dapur lan cedhak-sesambungan karo konsep ruang-makan. Sakliyane keren, sajroning pawon ana: genthong (wadhah banyu suci, panguripan) kang pinggire dicebleki kayu kanggo nggantungke siwur-bathok, babrakan (papane abrak utawa piranti-piranti mangsak; ngebruk sega, ngracik bumbon, lsp., awujud umpak-watu kang ditumpangi galar utawa blabak), lan paga utawa pagakan (sajinis babrakan ning rada dhuwur, saka galar pring, kanggo ngurebake kwali lan sabangsane). Dene barang-barang (piranti) kang didelehake ing papan-papan dhuwur iku mau kayata: lemper, layah, kekeb, wingka, iyan (papan nggo ngebruk sega) lan ilir, tenggok, senik (tenggok-gedhe), tompo, bodhag (tompo-gedhe), parut, erok, lading, lsp. Nama-nama papan lan piranti ing pawon digunakake sesambungan karo dayane kayu, nyengkuyung adege pawon; papane awu tinuju.

Adang; Dandang lan Kukusan. KH/Kl.
Adang; Dandang lan Kukusan. KH/Kl.

Awu, mula bukane papan njur sinebut pawon iku, nganggo basa sufistik, tan liya ya wahdatul-wujude pawon, kang dumadine karana kayu. Nganggo basa fisika, owah-owahaning kayu-awu sinebut trans-formasi. Basa biologi: humifikasi. Basane alkimia transmutasi. Basa ing katastropi: nglairake awu-apuy, awu-geni (kang sipate ‘nganyarake’, ‘nguripake’, lan ‘nyuburake’ jagad; tumrap sedulur Hindu, Siwa diurmati banget minangka unsur kang mbesmi supaya jagad dadi anyar maneh). Ing basa spiritualitas lan kosmologi: mbalekake nyang asale. Asale kayu ya awu. Jagad iku awu (kaya lagune grup band sapa kae, lali aku, “dust in the wind”, utawa Queen, “Another One Bites the Dust”). Ungel-lakune jagad lan menungsa ingaran “from breast to dust”: saka gunung-geni marang awu; saka susu tekeng lemah-awu. Lemah-awu nuwuhake taneman: kekayu. Kayu dikaryakake manungsa kanggo panguripane. Digunakake minangka kayu obong ing pawon. Lumrahe kang klebu peprincen kayu, kang dikaryakake ing pawon, yaiku kayu obong. Snajan peprincene kayu obong, ning bangsa pring, blarak, sepet, bathok ya klebu kayu, utawa kekayon, uger dikaryakake minangka piranti obong-obong. Kayu obong kanggo ngobong.

Kayu njur kobong ({ka-} + {obong}). Kayu malih awu.

Awu tan liya ya lebu, utawa ladhu. Ladhune gunung-geni. Gunung genine dhuwur. Luhur. Dhuwur-luhur bisa diarani jero. Karana saking dhuwure, luhure, rinasa ing ati jero, lebet. Jero-lebet ing batine manungsa. Lan jero ing batine manungsa, omah-omah (‘berumah-tangga’) iku labuh-labet marang keluwarga, marang wong tuwa: asaling urip. Labuh-labet iku lembut sipate. Angel digrayangi, dijajaki. Kaya dene wewujudaning atom, utawa sub-sub-atom ing fisika: angel anggone menthelengi. Kaya dene barang kang diolah ing jeroning gunung geni (watu, pasir, geni, banyu). Angel anggone ngerteni tandang gawene kaya ngapa. Ngerti-ngerti wutah, mbludak, maujud awu (ladhu). Sipate nyuburke lan nglestarekke uripe manungsa.

Nggegoreng. KH/Kl.
Nggegoreng. KH/Kl.

Lantaran kriya ing pawoning jagad yaiku gunung-geni.

Binareng ndadine (proses) kekele manungsa lantaran gunung-geni, ing sacedhake gunung-geni, barang kang dimangsak lumantar kayu kang kobong dening geni ing keren ya nuju mateng. Peyek, pathilo, lempeng, tempe, rikalane digoreng ing lenga kang umub tur genine murub, anuju mateng. Kridha nggoreng iku kanggo matengake barang-mentah. Kayu kobong ndadekake kang digoreng mateng. Ora kiyal. Ora agal. Sakliyane kanggo nggoreng, kayu uga didayakake kanggo nggodhog. Banyu, bayem, dhong kancu, mandhing kang digodhog nganggo kayu-obong dadi mateng. Dene njangan (lodheh, lombok, lsp.) lan ngoseng-oseng nganggo kekayu ndadekake barang mentah mateng. Tandang-gawe ngadang utawa adang apem lan sambel kanthi urub geni kang mulad lan ajeg saka kayu ya dadi matenge. Bebarengan ing lingiring wektu rikalane kayu nuju maujud awu kabeh (ana kang wujud areng), tela kaspa, tela pendhem, kacang-brol-e diblusukke nggon awon (awu sing isih panas mentas wae malih saka kayu kang dienggo mangsak; lebu panas) ing jeron keren, utawa ing blubukan (awu panas saka uwuh utawa kayu), njur mateng. Kang dikrusuk dhele, jagung, lan kacang.

Dene kwali, kendhil, wajan, dandang, pengaron, ceret, uga keren, minangka piranti-piranti (abrak) kang matengake barang kang dimangsak; nggambarake ‘wetenging’ jagad. Mula, tandang gawe mangsak kanthi ndayakake kayu utawa awu kang arupa: nggodhog, nggoreng, njangan, ngadang, lan ngrusuk dadi pralambanging manungsa kang ngandhung wijining urip ing weteng supaya mateng. Ing tembe matenge kang kakandhut manjalma uriping manungsa. Lumantar keren kang dadi weteng. Sejatine weteng ya ngandhut kayu kang kobong, kang ngobong, kang matengake, njur sawetara wektu malih dadi awu. Mula, keren minangka padharan kang ndadekake dhaharan mateng. Njur samekta sumadya tinedha dening manungsa.

Mula, manungsa bisa urip saka papane awu; saka mangsak ing pawon.

Wong ndhusun ing Gunungkidul lumrah ngarani mangsak iku ‘olah-olah’. Ngolah barang mentah (the raw), supaya dadi barang mateng (the cooked). Barang kang wis mateng diarani panganan, tegese: barang sing wis siyaga dipangan. Ngolah wis dadi adat sabene wong dhusun, ing endi papan-panggonan, kepara ing papan kaya ta Afrika, Asia, Eropa, Australia, lan Amerika, wiwit jaman kuna. Olah-olah minangka ngelmu kang ginawa sarta (given) dening manungsa rikala lair ing alam donya. Barang dadi mateng bisane dumadi ya saka kriya ‘olah-olah’, ‘ngolah’, tumrap kang dianggep mentah. Sanajan ta kang wus mateng ing alam, wektu iku uga isa dipangan, isa uga dianggep mentah banjur diolah dadi barang mateng (panganan). Pawon, yen ngono, papan kang ndadekake (ngolah) barang mentah dadi mateng (panganan) utawa barang mateng dadi barang mateng liyane. Anggone olah-olah kanthi tata-cara tartemtu. Olah-olah ing pawon minangka pralambang (kodhe-kuna) kang isih bisa tinemu tekeng jaman saiki, kang isih dilakokke dening sadulur-sadulur Gunungkidul, yaiku ngolah-barang ing keren. Keren minangka pralambang kawah ing kosmogoni, yaiku kawah Candradimuka, ndadekake jagad dumadi. Yaiku pralambang dumadine lan ndadine manungsa; panganan lan ombene manungsa; asil tembayatan antaraning geni, watu (keren), kayu, lan awu.

Geni ing Keren Mulad. KH/Kl.
Geni ing Keren Mulad. KH/Kl.

Kadhang kala, saking urubing geni gedhe, saking mulad-mulade geni metu ngliwati keren, banyu njeron kwali-dandang-ceret pating blekuthuk. Muncrat. Muluk ing gegana sundhul tutup utawa kekeb. Ana kang gosong. Kaobong. Iki gegambaraning donya kang horeg; gara-gara; gunung njeron banyu njeblug; mbledhos. Karana genining jagad (saka kayu). Pating plethek swarane, pating pletik genine. Meled-meled mulade. Mbludak banyune. Kadya gegambaraning Mbah Sabda Palon bab horeging jagad (waca: katastropi, maha-pralaya): alun minggah ing daratan, karya rusak tepis wiring, kang dumunung kering kanan, kajeng akeh ingkang keli, kang tumuwuh apinggir, samya kentir trusing laut, sela geng sami brasta, kabalebeg katut keli, gumalundhung gumludhug suwaranira.

Nanging, arepa kaya ngapa, kang bisa ndadekake jagad tuhu dumadi ya banyu kang muncrat, lan geni kang mulad. Iki kang diarani ungele (“siklus”) jagad. Sing maune mentah dirusak kanthi dipanasi panas banget, pating blekuthuk swarane, supaya mateng. Sing maune anteng, uripe manungsa kudu dirusak, diobahake, diolah maneh, supaya dadi maujud mateng liyane. Kanthi laku nggodhog, ngedang, nggoreng, ngrusuk, lan nggebyuri jagad.

Panganan lan ombenane dimangsak nganggo kayu. Ana kang panganane dibyuki awu. Bakarane gubrat awu. Ombene dicampur awu (areng). Ning malah dadi enake, nyamlenge. Merga awu menungsa bisa urip. Ngurip-uripi urip. Ngurubake urub. Urube geni. Mulad-mulad saka kayu kobong.

Agneya mantrane; supaya geni ing keren tan kendhat mulad. Sambi ditepasi. Gedhe urube. Banyune lan barange/jladrene sing dimangsak dadi matenge. Manungsa (n)dadi. Manungsa urip. Bali anyar maneh. Ya ing papane kayu. Karana tandang-gawene geni, kayu malih dadi awu. Ing panggone awu mau.

Pawon.

————————————————————–

[KH/Kl]

Berbagi artikel melalui:

Komentar

Komentar