Utri

oleh -
iklan dispar
Utri. KH/WG.
Utri. KH/WG.

Hanjrah ingkang puspita rum,
kasiliring samirana mrik,
sekar gadhung kongas gandanya,
maweh raras renaning driya.
“Bunga tersebar harumnya,
dalam hembusan angin wanginya,
kembang gadhung semerbak baunya,
menjadikan hati amat gembira.”
[Sulukan, Pathet Nem]

Pala-kependhem sing diarani tela (kaspa, pohung) ing wewengkon Gunungkidul isa digawe panganan werna-werna. Saking akehe, saben-saben rumah-tangga, dhusun, duwe adat-saben beda-beda anggone ngaryakake lan ndayakake tela. Ning wus wrata para warga padha pirsa marang panganan iki. Wus umum tumrape masyarakat kang mbudidayakke tela. Utri tengere. Ing liya papan ingaran lemet. Ora kaweruhan ngapa sebabe sinebut utri. Jarwa dhosoke utamaning putri pa apa aku ya ra pati ngerti. Saking cublukku mbokmenawi.

Simbok tak-takoni, utawa rada nganggo unggah-ungguh sithik ‘tak-suwuni pirsa’ (aku arang bebasan mlipis-urmat ngono kuwi, rasane rumakete kok kurang; tur maneh simbokku ya gemang yen tak-jak bebasan alus: “Wong ndhusun wae kok, dudu pangreh praja”, ngono ujare), ngapa kok utri pikantuk tenger utri, simbok ya ra weruh. Kit jamane mbah buyut biyen, jamane simbok isih cilik, omahe isih gedhek neng tengah-tengah pekarangan sing saiki didadekke tegalan garapan; jaman aku lair-ceprot langsung boyongan neng omahe simbok saiki iki, simbok mudha sakumur 6 taunan wis diajari mbah buyut (mbah canggahku) nggegawe panganan seka tela, klebu kang tata carane parutan kaya dene cemplon lan utri. Yen cemplon iku panganan saka tela uga, mung wae wujude cemplu ({cemplu} + {-an}) utawa cempluk, cendhek sarta mblendhuk, kaya weteng, utawa bal, utawa genuk wadhah wos (gegambaraning piyayi putri kang dedege cendhek ora dhuwur, tangan lan sikile cendhak ora dawa; nyempluk; cendhek-bunder). Dene yen utri wewujudane ora nyempluk, ning mendawa. Lencir kaya pari.

Marut Tela. KH/WG.
Marut Tela. KH/WG.

Gothek-gathukane panganan sing diarani utri iki paling ora ya karo utri kang ateges nama jinising pari. Tanduran pokok tumraping para tani Gunungkidul; sakliyane taneman tela. Sak-sadulur.

Lha pa ora, sing jenenge tela kuwi pokok tinandur ing pekarangan omah; sedulure pari. Bangsa pala-palanan, sesayuran, woh-wohan, ana kabeh. Nyenengke. Biyen, jenenge pekarangan ki ya wiyar, ora kaya jaman saiki (ning yen dibandhingke omah rada kutha ya isih klebu jembar). Apa meneh yen ing kutha-kutha kae ra duwe pekarangan blas; omah kaplingan. Tela, uga sinebut umbi, pohung, yaiku oyod taneman (waca: oyode-manungsa) kang ndlujur gedhe dawa, ngalami owah-owahan wujud ‘anatomi’ amarga ‘pigunane’ (tambah gedhe tambah gedhe ngono terus). Keluwargane taneman iki, kayata: tela pendhem, uwi, gembili, lsp. Mula, kang seneng ‘nyekel’ lan ngolah tela adate ya ibu-ibu; piyayi putri. Gek-gek, utri kuwi tugelan saka tembung {putri} nggon perangan jarwa dhosok dhuwur mau? Iya Si Pari? Ah, dudu paling. Mung waton nggathukke aku. Ben greng. Gayeng.

Ning ya sing jenenge ngomongke pakaryan ‘pawonan’, kayata tandang-gawe marut kuwi, luwih luwes piyayi putri (Si Putri, Si Cempluk, Si Genuk) kang nindakake tinimbang piyayi kakung (ya ora kabeh jane; aku, aku ki wonge seneng nggunggung dhiri; aku ki jalu, kit cilik wis kulina ngrewangi simbok neng dhapur, ing pawon, pegaweyan-pegaweyan pawonan kaya ta: marut, nggoreng, ngedang, nguleg, lsp. aku wis kulina; kepara aku luwih baut timbang sawetara piyayi putri). Marut tela, ditandhingke karo marut kambil, luwih abot, karana luwih seret. Anggone marut ya padha kudu ngati-atine. Lola-laline, driji tangane sing nyekel tela kang diparut isa sembret-sembret, njur perih. Mengkone, gawe utri ya kudu marut kambil (kambil nom), merga parutane tela dicampuri parutan kambil.

Mungkusi Parutan Tela, Parutan Klapa, Gula, Uyah. KH/WG.
Mungkusi Parutan Tela, Parutan Klapa, Gula, Uyah. KH/WG.

Olahan panganan utri pancen mbutuhake bahan mentah telane maujud lembut, meh kaya jladren mung wae sat. Ora cuwer. Supayane lembut ya diparut, dudu diuleg. Mbokmenawa yen diuleg iku telane ora bisa ajur kaya yen diparut. Lan, sing jenenge marut iku bahane kudu duwe bleger sing isa dicekel tangan, dicekethem nganggo driji. Yen bahan cilik kaya brambang bawang lombok anggone ngejur biasane diuleg. Telane lagi wae sing mbedhol ing kebonan. Tela anyar, dudu gor-goran (ana tela sisane ungsum tanem sing wingi, sing sadurunge, dudu saiki), putih wernane. Sakwise dionceki lan dikumbah resik, tela nembe diparuti.

Parutan tela diremet-remet, diremes-remes, nganggo driji tangan, sinambi dicampuri uyah lan gula salaras karo kesenengane kang padha bakal dhahar utri mengkone. Supaya ajur-ajer. Nyawiji. Wrata. Ana kang nganggo gula pasir; supaya wernane samangko sakwise didang (dikukus: diangkringake ing kukusan kang dipanasi) tetep kuning-mringin. Ana uga kang manganggo gula Jawa (gula-klapa); sakwise mateng wernane semu soklat kaparibawan wernane gula Jawa. Mula kari kesenengan, rep nganggo gula apa.

Parutan tela kang wis ajer karo parutan kambil, uyah, lan gula diwungkusi dadi wungkusan mendawa cilik-cilik (lumrah, ron gedhang dianggo mungkus maneka warna olahan panganan; ing pekarangan utawa pakebonan wit gedhang akeh lan gampang tinemu). Wungkusan mau ora ditali (ditaleni), mung godhong-gedhange sing sisih pinggir ditlangkubke mengisor; mengko ditumpangke ing wungkusan liya; ora kuwatir wudhar amarga yen wis didang (dikukus), dipanasi, wungkus godhong gedhang kang dianggo nglambeni parutan tela mau lengket, kraket, ing utri kang wis mateng. Para wungkusan mau njur ditata ing kukusan. Sing keri ditumpangke ngono wae ing dhuwure sing luwih dhisik.

Kukusan isi wungkusan parutan tela diangkat, diangkringke ing dandang kang wis umub banyune, anggone ngumubke nganggo kayu obong. Ya, biasa, kayu obong luwih ndadekke apa kang didang (dikukus) luwih mirasa, tinimbang geni saka kompor minyak-pet utawa gas. Watara sakjam-an calon utri didang. Dikekelke. Ing kukusan, kang katutup kekeb. Yen uwis, kukusan didhunke, utri didhemke; ing kalo utawa tambir; supaya panase alon-alon bisa uwal.

Calon Utri kang Siyaga Dikukus. KH/WG.
Calon Utri kang Siyaga Dikukus. KH/WG.

Para keluwarga, para bau kang lagi nyambut gawe ing tegalan, alas, kang nembe dandan omah, nukang, uga tangga teparo, kepara kanca-kanca manca kang durung nate dhahar panganan iki, bisa enggal ngrahabi. Kanggo kanca wedangan kena. Kanggo ganti dhahar sega ya kena (tela lan pari loro-lorone ngandhut ‘nutrisi’ kang dibutuhake badaning menungsa ingaran karbohidrat). Tumrap kang lelungan suwe saka dhusun nyang kutha, lan banget kangene marang utri, tur biyen jaman cilikane duwe pengalaman rumaket banget karo utri, ngrahabi utri kaya ngrahabi panganan kang wis dikenal suwe; kang rasa-rasane kuna banget; ayem banget; ndhusun banget. Kaya kangene marang Simbok. Kaya adrenge marang piyayi putri kang baut masak, marut, kaya dene Si Simbok.

Karana manise, plikete, lengkete panganan utri, mbokmenawa kaya gegambarane piyayi putri: kang tansah gawe lengket, pliket-rumakete para kakung. Kuning-mringin utawa sawo-mateng pakulitane. Ayu lan manis sesawangane. Ora nyempluk kaya Si Cempluk utawa Si Genuk. Ndadekake lam-lamen kang padha weruh. Nuwuhake kangen. Arsa ndhahar gurihe. Jenak ngrasakake legine: Si Utri. Yaiku panganan ‘dhusun’ kang asale saka oyod kang ngglembung (waca: manungsa) ingaran tela kang diparuti.

Dening Si Putri kang marak ati. Ing sela-selaning nenandur pari.

——————————————————

[KH/WG]

Komentar

Komentar