Kripik

oleh -
Genteng Kripik. KH
kadhung tresno
Genteng Kripik. KH

Akeh ing antarane kulawangsa Jawa jaman saiki kang gampang pecah karukunane: pecah kapribadene. Para kulawangsa gampang tugel atine, binelah pasedulurane. Yen diumpamakke kaya panganan tempe-kripik: gampang ambyar yen cinokot. Ora kagungan katetepan yen ta saben-saben pribadi iku nyengkuyung adeg-jejege badan gung ingaran “kulawangsa”. Tarkadhang pecahe kulawangsa mung marga prakara sepele, entheng, tur imih, kang sabenere nora pantes sinebut ‘prakara’.

Wus wiwit kuna para leluwur Jawa nitipi peling: manungsa cinipta dening Gusti-Pangeran ing warna (‘varna’); beda-beda kulite. Barang-barang uga kinarya maneka. Ana kang awujud kayu, deling (pring), watu, wesi, lsp. Warna-warna dalan anggone ngawetke lestarine barang-barang mau: lemah, geni, uga banyu, kaajab barang-barang kasar supaya bisa ana luwih lestari. Laras karo daya lan jinis kriyane dhewe-dhewe. Para kulawangsa bisaa ngrumangsani yen dhiri pribadine pancen ringkih, kebak cacad, lan ala. Sajroning nyengkuyung omah-omah (bebrayan) agung, sajroning nglakoni ‘ndadi’, para kula ing talen wangsa kumudu nyawiji. Sing rumangsa ringkih dikupiya supaya bakuhe: kayu kaepe, pring dikum, lemah kaobong, wesi kaolah, njur gegolongan klawan sing ringkih liyane, sing cacad sijine, kepara barang sing wis bisa sinebut kukuh (udani), padha dene ndayani lan ngukuhi, bisane bakuh kukuh santosa wewangunan kulawangsane. Ora malah kosok-balene: rumangsa kukuh bakuh santosa dhewe badane. Apa meneh rumangsa paling bakuh kukuh dhewe ing antarane kulawargane. Ampuh dhewe. Sekti dhewe. Pinter dhewe.

Bener dhewe.

Sipat ‘rumangsa-bisa’ ing antarane kulawangsa kaya ngono iku kang ndadekake wangsa Jawa utawa wangsa Nusantara kalindhih, tekeng saiki, dening wangsa Manca. Ing akeh prakara. Kawiwitan ing jaman negara-wangsa maujud krajan utawa kraton duk semana: pradondi ing antarane perangan angga (badan priyangga; para putra dhewe) iku malah kang nglestarekke wangsa Manca nglindhih kulawangsane. Piyambake mbelah; ngadu-kumba. Tur ya karana para kula ing sajroning wangsa padha dene rebut kuwasa. Padha dene rumangsa bisa mangreh praja. Unen-unen “Pulo Jawa bakal binelah dadi loro” (ing tataran kosmik) mbokmenawa tuhu kalakon mangkone. Mbuh kapan pecahe (LIPI wus ngendika yen Pulo Jawa bisa binelah dadi loro, ya merga punjere gempa mapan ing jero badaning Pulo Jawa iring kidul; tempurane Australia-Eurasia). Mbokmenawa kari nunggu mangsa (wayah) sabdane Mbah Jayabaya kelakon. Para kulawangsa, jinurung rasa paling kuwasa, paling bener, lan paling becik dhewe, banjur ngupiya kanggo numpes, nindhes, nyirnakake ing antarane kula ing wangsane dhewe iku mau. Kaya-kaya para kulawangsa (ing tataran meta-kosmik) tuhu binelah dadi loro, dadi telu, dadi papat, lan sakteruse, saderma nuhoni kapracayane yen ta kang pantes ngregem panguwasa ing lemah klairane ya mung dhirine.

Kang pikantuk nduweni panguwasa lan dikukuhi ing wewengkone dudu sadulur ing kulawangsane; apa maneh kang ora kalebokake ing peprincen: sadulur. Nyumadulur iku kriya kang nglebokake apa lan sapa kang ‘dudu klebu sadulur’ inganggep sadulur. Sadulur iya ‘sa-udara’. ‘Udara’, ing tembung Jawa, ateges angin, hawa, utawa tawang. Sasadulur, yen ngono, ateges kulawangsa manungsa kang mula bukane umetu saka papaning udara kang padha: suwung. Yaiku suwung awang-uwung. (Ing jaman saiki, ‘suwung’ isa ditegesi: rikalane para kulawangsa akeh kang padha rebut kuwasa, dene sawijining pribadi ora kagungan krenteg lan karep duwe panguwasa ing babagan mau). Pangrasa padha dene sadulur utawa padha dene kulawangsa ndayani jejeging omah-omah (bebrayan) agung: mapanake wuwungan (awang-uwung; tawang; udara) ing papan kang paling dhuwur dhewe ing wewangunan omah. Umpama wewangunan omah dipadhakake karo wewangunan badaning menungsa (Si Kula), papane wuwungan ya mustaka (isi rah/sirah/mustaka): nalar/akal kang dianggo ngrasuk agama.

Agama iku dalan nuju udara utawa awang-uwung kang pucuke rerenggan wuwungan omah dhuwur mau.

Ngagama, utawa ngrasuk (ngagem) agama, yaiku tandang-tanduk njejegake omah dening kabeh sadulur ing madyaning kulawangsa. Kulawangsa manungsa sabisa-bisa nggegawa apa kang diduweni (blejede; ngligane; jujure) tembayatan mangun jejeg sarta bakuh-kukuhe omah. Senajan ta dhirine ringkih utawa (r)imih; ora kukuh bakuh santosa. Apa wae wujud kasare? Bature (pondhasine) watu/lemah. Saka lan badane watu, lemah (bata), utawa kayu/pring. Mustakane: kayu, pring, lemah, utawa godhong. Anut tata carane alam lumaku: sing bobote paling gedhe mapan ing papan ngisor dhewe (palemahan), sing luwih entheng dhuwure (badan), sing paling entheng dhuwur dhewe (sirah). Kaya wewujudan giri (gunung; piramid). Njur omah sinebut giria/griya. Kabeh perangane bebarengan manunggal karya unthuk-unthukan lan undhak-undhakan.

Sing tinuju: udara.

Perangan-perangan kang ringkih, rimih, kang melu njejegake wewangunaning (omahing) manungsa nuju udara mau, lan dipapanake ing dhuwur dhewe (dipangku), didayakake luwih dhisik, disusupi kuwasa supaya bisa luwih suwi nahan kridhane wektu. Kang kaangkah ya panjang yuswa. Kang ringkih diawetke. Menawa mentas diopek ing alam langsung dianggo, tanpa diolah sik, barang gampang rusak. Tugel. Pecah. Bosok. Mula sakehing barang sadurunge bisa dianggo ngedegake omah diawetke luwih dhisik. Dipanaske. Diangin-anginke. Diobong. Dicet. Diplitur. Klebu barang kang ringkih kaya lemah ya ditibani tumindak ngene iki.

Lemah (lempung) manjalma gendheng, gendheng rimih: kripik.

Arepa tipis, rimih, ringkih, ning gendheng iku dalane angin. Gegendhengan ndadekake sing jero omah murub. Yen murub, urip. Jalaran angine cukup, omahe adhem. Mula payung (empyak) iku ya diripta awujud ‘gendheng kripik’ sing tipis; memper dodot utawa ron (godhong). Gendheng lan godhong minangka sipat pawadonan, sing luwih entheng timbang boboting badan lan suku. Gendhenge pinilih kang entheng supaya ora abot. Ndhak kabotan awak lan sikile anggone nyangga omah. Coba bayangna yen tudhung (empyak) omahe luwih abot! Yen payung omah (gendheng) kuwi abot, ora entheng, sikil (pondhasi) lan badane (kayu, saka) ora kuwawa nahan. Iki mbebayani. Mula, ana wangsa liya lumrah nggege: sing rimih-ringkih lan duwe kuwasa dialembana, nek ora ya diapusi, menawa dhirine duwe daya linuwih, kuwasane tanpa wates kanggo ngayomi liyane, kukuh bakuh santosa dadi pangarsa. Njur ngatur-atur lan mrentah sedulure. Sing ngene iki ngemot teges ala: sawijining kahanan ringkih kang dudu ngukuhi mbakuhi liyane, ning malah nindhes. Numpes. Ngebot-boti.

Tundhone: gawe ambruk!

Leluwur Jawa mbedakake antarane duwe-bobot lan ngebot-boti. Barang ringkih-rimih kang mangerteni lan sadhar marang kahanane diarani duwe bobot. Barang kang ringkih-rimih kang ora mangerteni lan sadhar marang kahanane, kepara rumangsa abot panguwasane satemah rumangsa bisa merbawani liyane, sajroning lumaku menyang Pangeran, bisa diarani ngebot-boti. Wewangunan omahe para kulawangsa ing dhusun, kang sadhar sapa dhirine, kang mung wong cilik, kang tanpa akweh duwe kuwasa ing babagan beya (kapital), binangun nganggo sirah (gendheng empyak; mustaka) kang entheng bobote: gendheng-kripik utawa gendheng-kreweng. Omah Jawa duweke wong dhusun kang dhasarane (kepara) mung umpak (watu bolong: yoni), sakane cilik, renge pring, pantes yen digendhengi gendheng kripik. Sakane ora kaboten nyangga. Beya rikalane mbangun omah kanggone wong dhusun wigati banget.  Beda yen sing mbangun piyayi, wong brewu, kuwasane gendheng kang kuwat lan abot laras karo saka lan palemahane.

Umpama gendhenge pinilih sing kandel, sing nek tiba saka empyak ora gampang pecah, ora gampang tugel, ndhak para kulawangsa ora sida dolanan gunungan/undhak-undhakan. Yen sakane kaboten nyangga empyak, umpamaa gendhenge tiba ing palemahan ya tetep ora pecah. Nyangga dhuwuran sing ngene iki, abot. Lha omahe njur dhoyong, dheyek-dheyek. Dudu maujud gunungan-omah kang kukuh bakuh sentosa. Kang jejeg. Kuncara ing ngarsane wangsa-wangsa dadonya. Dadi, yen saka lan dhasaran wewangunan omahe para kulawangsa  ringkih, rimih, luwih entheng tinimbang gendhenge, snajan gendhenge anteb lan kuwat, ning suwening-suwe gampang ditugel-tugel, dijuwing-juwing, dipecah-pecah, dening wangsa liya.

Kepara, ing sawijining wektu, sing ringkih nggembol pamrih: bisaa antuk kuwasa. Genten dadi endhasing panguwasa. Arsa ngungkul-ungkuli sadulure. Ndilalah diojok-ojoki.

Ora kanyana Si Gendheng Kripik kang rumangsa abot dhirine, kukuh, bakuh, lan duwe panguwasa, tiba ing bantala; katiup ing angin. Pecah. Binelah. Ambyar. Ing mangsa kala ora ana udan lan angin, pecahan beling (gendheng kripik) dianggo dolanan jethungan dening bocah-bocah dhusun. Digunakke dolanan umpetan lan ‘sundhah-mandhah’. Uga udan-barat. Pecahan gendheng kang sinebut beling ginawe undhak-undhakan (tumpuk-tumpukan), sinampar sikil, sinawat tangan. Wayah ngaso satengahing dolanan, simbok nyedhiyani omben banyu putih ing kendhi, jinejer ing klasa mendhong, ing sangisoring emperan omah limasan agendheng-kripik, kanggo omben; tamba-tangi nedya dolanan bareng-bareng ro kancane maneh.

Pacitane tempe kripik.

Kangmase uga nyenyekel beling: nyawat pelem ngarep omah kang matenge wis kliwat. Klothak. Dudu buk.

Sawatane kleru mecahke gendheng kripike tanggane. [KH/WG]

Komentar

Komentar