Jago Kluruk

oleh -
Jago Kluruk. KH/WG
Jago Kluruk. KH/WG
Jago Kluruk. KH/WG

Melung amelung kumelung jagone kluruk
Estrene lir celuk-celuk
Wayahe iki wus bangun esuk
Petok-petok nyablak ngosiki
Kukukluruk jagone kluruk
. . . . .
[Jago Kluruk, Nartasabda]

Isa diarani wrata (temtu wae ora kabeh) saben-saben omah ing dhusun-dhusun ing Gunungkidul iki duwe ingon-ingon pokok: sapi, wedhus, lan ayam. Paling ora telu iki. Sapi lan wedhus lumrah ingaran sato-kewan ingon-ingon; tegese dudu ing luwaring pekarangan omah-omahing masyarakat, umpamane ing alas (golongan kewan sing ora diingu [didhomestifikasi] diarani alasan). Dikandhangake. Diingu ing kandhang (papane sato-kewan ingon-ingon). Dene ayam (pitik) klebu golongan iwen-iwen. Papane pranjen, yen rep ngendhog petarangan. Sinebut ayam-omahan.

Gandheng (lumrahe) papane ayam dha turu iku cedhak (tepung) ro kandhang sapi, mula akeh ayam kang turune ing blandaran kandhang. Kepara malah, kaya nggone Simbokku, ayam ingon-ingon ora digawekke papan dhewe, mung saben wayah surup munggah ing blandaran kandhang sapi-wedhus, ana sing ngenggoni tandho (ing dhuwuring kayu-kayu, damen, rendeng, lsp.). Ana kang turu ing wit-witan sacedhake kandhang. Utawa omah.

Ya pancen ngono. Ayam kuwi seneng anggone ngaso methangkring neng dhuwuran, najan pangupa-bogane neng ngisoran. Palemahan.

Yen ingon-ingon arupa sato-kewane wis gedhe, diedol kanggo nyukupi butuh, asile ya muni. Mula sato-kewan kaya sapi lan wedhus uga diarani raja-kaya. Tegese, bisa ngasilake kaya (pametu, asil) kang gedhe. Dene ayam, rikala didol asile ora spiraa. Ning ya ajine lumayan dibandhingke ayam ‘lehor’. Sing penting ngingu ayam bisa ngasilake kaya. Tambah-tambah pametu tumrape para among tani.

Tarkadhang kanggo nyukupi kabutuhane dhewe (bale somah) kang sipate padinan-profan (tata-lair): dibeleh dinggo lawuh. Dene ing tataran batin, utamane ing wektu-wektu sakral/mitis tartemtu, kayadene upacara rasulan, ariraya, ngilangi lelara-memala, lan upacara ungeling urip ska lair tekeng pati, ayam dipapanake minangka piranti, ubarampe, utawa kabutuhan upacara. Ayam diolah. Digawe ingkung. Piranti jangkepe warga dhusun manekung: atur sembah sungkem, sujud, myang Gusti Kang Akarya Gesang. Ngancani tumpeng (kadhang kala kancane tumpeng iku endhog/tigan; ya wujud liyane ayam). Sakwise pandonga rampung, ingkung disuwiri. Bebarengan si tumpeng didum ing tangga teparo.

Mberkahi.

Dinggo nyukupi kabutuhan liyane upacara, ing dina pasaran, ayam ingon-ingon dicangking nyang pasar (isuk umun-umun keyak-keyok petak-petok swarane merga dicekel ing blandar kandhang), utawa pas manjing cumomonge srengenge ing bang wetan kae diparakke ing bakul ayam kang mapag ing pinggir dalan, pangajabe si ayam diaji larang, banjur mengkone kaya-ne adol ayam dinggo nempur utawa blanja jejanganan, bebumbonan, jejajanan, lelawuhan, lan abrak-pawonan. Yen dhuwite sisa dianggo mundhutake busana anak putu, batih, kang reregane kelas ‘ngisoran’.

Sandhangan padinan.

Yen mengini kaya (asil-pametu) ska ayam sing rada dhuwur ya ngingu ayam Jago (unggul bab swara, wulu, utawa dadi jago ing padon-ayam), utawa ayam alasan. Ayam kang urip-papane neng alas. Alas, ing peprincen wilayah omah-omahing menungsa, mapan ing sajabaning wewengkon pekarangan utawa pakebonan. Omahe ya ing alas. Ayam alas sinebut bekisar (nadyan ing kawruh ‘hibrid’ bab ayam omahan lan alasan duwe jeneng werna-werna). Karana papan uripe luwih wiyar, ora winates pekarangan omah-omah, mula ayam alas luwih giras, banter, lan kadhang luwih bisa miber. Papan turune ing wit-witan. Kepara ing wit kang luwih gedhe-dhuwur timbang wit-witan ing pekarangan omah (jenenge wae neng alas). Daginge luwih kiyal. Alot. Mula, ajine diregani saka kaendahan wulune lan kluruke.

Ing wewengkon batin (spiritual), ajine ayam diwujudake ing rerenggan kayon utawa gunungan. Uga ing wuwungan omah (awang-uwung; wates antarane reca-pada [palemahan] lan maya-pada [langit]). Tumrap wong Jawa, kayon, omah, lan manungsa iku padha. Ana palemahane, badane, lan mustakane kang wewatesan-sambung karo langit. Tetiron telu. Ayam kang uripe nyengkuyung panguripane menungsa, uga mapan ing antarane palemahan (ngisoran) lan langit (dhuwuran). Ayam-alas iku mapan ing papan antarane menungsa lan alam. Isa digraita, ning ya ora.

Mula ayam alas (bekisar) digambarake ing rerenggan gunungan (kayon) minangka pralambang uripe manungsa kang tansah nyoba nggayuh sipat-sipat kang bisa asesenggolan cecedhakan klawan langit, snajan ta sipat pucuking gunungan/kayon iki pancen angel anggone nggayuh. Ngranggeh. Arsa kaya dene Garudha anuju iber kang dhuwur. Mesat. Cumlorot ketaman tejaning srengenge. Ngregem kalepasan. Kamardikan.

Manu utawa manungsa, lan ayam, nyoba miber lan nuju papan dhuwur, pucuk, snajan iber lan enere nora patia dhuwur. Manu(ngsa) lan ayam sedya nggayuh pucuking kayon, wit (panguripan), uga omah, nadyan uripe ing palemahan. Wiwit kuthuk (cilik) diajari nggegolek pangan ing palemahan. Njur ing tembe bisaa methangkring ing blandar, bisa ceker-ceker ngupa-boga kanggo mbacutake urip. Dhewe.

Makarya, magawe, makriya, kapurwakan kluruking jago kang ceceluk. Mamuja, manungkul, manekung, sajroning eling marang Gusti: sandhangane wong urip.

“. . . . . Yo ayo tangi nuli miwiti, nyambut gawe anetepi kwajibane”, mengkene Lelagone Mbah Nartasabda mungkasi ungel.

__

Penulis: Wong Gunung.

Komentar

Komentar