Weton, Gebrak, lan Geblak

Sega gudhangan. Dok: KH/WG.
Sega gudhangan. Dok: KH/WG.

Siji, weton. Weton kuwi kala-kalane manungsa mijil ing alam donya. Wektune ditandhani kanthi, lumrahe ing masyarakat Jawa saiki, tenger dina saptawara dicampur pancawara. Umpamane R.Ng. Ranggawarsita dina Senen Legi. Senen klebu peprincen dina pitu; legi klebu peprincen dina lima. Peprincen dina iki ya kaya cacahe ledhok, kedhok (sawah), ing dolanan dhakon; ana sing lima ana sing pitu. Yen ngono, weton tegese dina klairan. Dina rikalane suksma umetu. Metu. Metu kuwi seka jero, jeron garba. Byak, byar, padhang. Amek pepadhang.

Dina weton kuwi dina rikalane suksma-abadan ngrasakake hawa, ngrasakake srengenge, ngrasakake jagad gumelar. Nglakoni jagad gumelar kanthi adeg, ngadeg, jejeg, njur tibeng wancine mlaku, nglakoni urip. Wektu ngene iki wektu kang suci, wektu rikalabe ana (hana). Mula, wektu wetu, utawa metu, wektu-ana, bakal dieling-eling, diupacarani. Sebab mbesuke, ungeling wektu iku maju kang dibolan-bolaneni.

Loro, gebrak. Swara brak, brek, bruk. Asil saka nabokke utawa nibakke epek-epek tangan ing amben (jaman saiki kasur, dadi swarane ‘buk’ ngono). Ambene saka galar. Galar iku (kulit) pring kang disigari ning ora nganti pedhot utawa pisah siji lan sijine, dianggo dhasaran amben kang ujure mendawa. Lumrah minangka bahan amben jaman biyen, dhuwure diwenehi klasa mendhong.

Nggebrak amben nuwuhke swara brak. Kang dimaksud jane dudu nggebrak amben, ning nggebrakke uba-rampe (sing prasaja ya tumpeng sega putih, gudhangan, ro banyu putih, kadhang tigan) minangka pratandha tumrap kang dina iku dieling-eling wetune, wetone, metune, ora liya ya dina klairane. Nggebrak iku kaya dene nyabda panguripan. Ben ngadeg, jejeg, luhur kaya gunung. Pralambang tumpeng (gunung), sega (sawah kaya ing dhakon dhuwur mau), gegodhongan ing gudhangan (tanem-tuwuh), banyu putih (banyu suci, banyu panguripan), endhog (wijining panguripan). Ubarampe-ubarampe iki digebrakke sawise dijapani, didongani, murih urip, (ra)hayu sapa kang diwetoni; digebrakke. Amrih ngerti ing aksarane, carakane. Nyawiji karo jagade (sawala).

Telu, geblak. Nggeblak. Kosok balene adeg, jejeg. Nggeblak iku kalumah. Praene lempeng, jejeg ngadhep awang-awang. Yen ngadeg kuwi pralambang urip (hana), yen nggeblak kuwi pralambang patining badan (bathang). Kalumah utawa nggeblak iku nir daya, tanpa daya. Kahanan iki jane ya wetu, mung wae kang metu barang aluse saka barang laire. Wektu nggeblake badan kang wis tanpa daya ya dieling-eling, didongani, diupacarani. Iki wektu suci. Supaya rancag lakune Si Suksma sowan mring Hyang Suksma. Sing nggeblak, ya badane, dikondurake myang garbaning alam: kang biyen wis mijilake.

Tambah siji, yen Si Embok wus rampung anggone nggebrakke anake utawa putune, ubarampene mau enggal didhahar. Seger banget, enak banget. Snajan lawuh gudhangan segane wis ra anget.

[Penulis: Wage]

Berbagi artikel melalui:
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  

Komentar

Komentar