Ramban

oleh -
oleh
Sawijining simbok lagi ramban godhong so. KH/Wage
iklan dprd
Sawijining simbok lagi ramban godhong so. KH/Wage

Byar rahina Ken Rara wus maring sendhang, mamet we.
Turut marga nyambi reramban janganan, antuke.
Prapteng wisma wusing nyapu atetebah, jogane.
[Tembang Balabak].

Kang lagi ramban gegodhongan ing gambar ndhuwur iki dudu sawijining rara, nanging mbok-mbok (simbok-simbok). Para rara jaman saiki (wanita mudha kang durung omah-omah, ing dhusun; suci, murni, ateges adoh saka pangaribawane kutha/modhernisme) akeh kang wus ngenut ngrambani warta ing ‘gawai’: umyek pasang warta bab sambat-sebute.

Rara ayu kang ndhusun, sawo mateng pakulitane. Yen ing wewengkon Bedhoyo kana kae rarane kok kuning-kuning nemu giring resik-resik pakulitane, ya? Aku biyen nate duwe kanca rara dhusun kang ngene iki, jian, nengsemake tenan. Ireng panjang rikmane, ndadekake para raja-ratu-ksatria lam-lamen ora bisa nglalekake piyambake.

Ing sawetara jaman, para rara ing dhusun ‘dirambani’ (pinethik) dening para ksatria saka kuthapraja. Dititipi winih panguripan, ing tembe nglairake gegodhongan pupus nom-nom kang marak ati gya rinamban maneh. Dening sapa? Dening ksatriya liyane.

iklan golkar idul fitri 2024

Godhong pupus kang ijo seger praenane pinethik dening ken rara, dadi jejanganan utama mapan pekarangan lan tegalan. Gegodhongan ijo karambani minangka jejanganan, kaolah ing jeroning omah, ngaribawani anggone para rara omah-omah mengkone.

Gegodhongan ijo pupus pancen pralambange para rara. Bumi kang subur gegodhongan wit-witan pancen pasemoning rara. Rara (bumi) kang ing dhusun-dhusun nyedhiyane gegodhongan seger tumrap kulawangsa manungsa.

Dene ken rara amelu arerateng tata-tata ngrewangi simboke. Resik-resik omahe. Mbesuke, umpama ken rara ilu ngulandara ing kutha, makarya ska esuk tekeng sore, pakaryan omah-omah bisa bares dirampungake; ora mung kakehan sambat lantaran gawai.

Lan ora kaya adhiku kae. Wis urip neng kutha, dhasare ora duwe gegodhongan sing isa diramban merga ra duwe pekarangan mung omah kreditan cilik tanpa hawa. Eee… gegodhongane tuku ing ‘hipermaret’, ora seger maneh kaya yen asil ramban ing kebonan dhewe. Masak ro ngurus omah-omah ndelah.

Eee… ya karang ‘ken rara’ jaman saiki. Ana-ana wae apologine (alesane), tekane emansipasi barang disoroh-sorohke.

Jane, ketoke, ya mung merga males nglakokake pituture simbok neng dhusun: dadia rara ijo pupus kang bisa nggawe para ksatria nyedhak karana tejane, segere, alamiahe, ayune. Banjur kanthi ayem lan bungah para ksatria ngrasa antuk rerambanan jejanganan kang pantes pinethik, banjur ngajak nyandhing dheweke mangun omah-omah.

***

(Wage).

Berbagi artikel melalui:

Komentar

Komentar