Pulut

Ketan. KH/ WG

E, dhayohe teka!  E, gelarna klasa! E, klasane bedhah! E, tambalen jadah! E, jadahe mambu! E, pakakna asu!

[Lagu Rakyat Jawa]

“Pulut isih kalah plikete karo panganten anyar”, mengkene anggone para sepuh ngandhakake kahanane panganten anyar. Penganten-anyar tinandhingake klawan pulut. Pulut iku wantahe gegambaran swasana pliket lan rumaket kang umetu saka sabangsane tlutuh ing woh, godhong, utawa pang lan pokoke tetuwuhan lan tetanduran. Kerep-kerepe wit nangka. Woh nangka (ing carita kuna; umpamane carita dumadine Kutha Wanasari; Nangka Dhoyong papane Nyi Gadhung Mlathi) uga kanggo pasemon pasanggiri manah ngrebutake sawijining wanita utawa rara: ngetokake pulut utawa tlutuh ing wohe. Woh kang ingaran mateng (ndhandhanggula), lumrah tlutuhe metu; dietokake lantaran sayembara.

Sayembara ngetokke pulut ndadekake wanita utawa rara utawa wara bisa nyawiji karo priya (Rara Sudarmi kalawan Demang Damar), dhaup manjalma panganten.

Sri Panganten, yaiku manungsa loro kang dhaup, kang nyawiji manunggal, iku karaket dening puluting manungsa (manik). Panganten padha ngruket siji lan sijine; ngraket ngrumaket. Dheweke padha dene mulutake pulute, nggunakake mulute, tutuke. Tata-tata nambut laire wijining manungsa. Nyawijine panganten uga minangka pralambang pahargyan bakal thukule tetanduran lan tetuwuhan ing pakebonan, pategalan, pasawahan, sarta alas. Thukule wiji bisane ya jalaran Bumi lan Langit ngetokake tlutuh, metokake pulut.

Metune pulut dipahargya gedhen sajroning upacara wiwaha: ewuh-panganten. Dewi Sri kaboyong. Kainggilke ing alam kawidadaren (midadareni).

Acara ewuh-mantenan ing dhusun ing Gunungkidul lan ing akeh papan sanyatane nduweni sipat pulut: lumantar tutuk (gethok-tular) sawijining paraga (kang duwe gawe) ngaturi tangga teparo sanak-kadang supaya rawuh ing daleme saperlu sambatan, rewang, sung-pambiyantu, satemah entheng sesanggane pas acara ewuh-manten lumaku. Kang duwe gawe lan tangga-teparo samya rumaket pasedulurane lan urip-bebrayane: pulut-pinulutan, karana anane acara iki. Wis dadi adat saben ing dhusun acara ewuhe manten digethok-tularake lumantar mulut (tutuk). Sanak-kadang lan tangga teparo kang manggon ing liya desa, ing kutha-pangulandara, uga katuran rawuh sedaya. Akeh kang keraya-raya nglonggarake wektune saderma nyenengake manahe kang duwe gawe. Ngombyongi acarane.

ketan isen-isenane abon. KH/ WG

Plikete paseduluran katon ing acara ewuh-mantenan iki. Paseduluran kapulut, karaketake, kacedhakake, kasawijekake, linandhesan rasa: 1) rukun agawe santosa, 2) ngumpulake balunge dhewe, 3) saiyeg saeka praya, 4) aja nganti crah, yen crah, agawe bubrah, lan liya-liyane.

Tandang-tanduk, tumindak, lan lageyane wong dhusun kang padha dene rukun datan crah iku jane wus kawiwitan rikalane padha laku tandang-gawe nandur pari-pulut (ketan) utawa beras pulut ing pategalan pasawahan. Tandang-gawe nandur pari-pulut, uga tandang-gawe kang magepokan karo budaya tani liyane, diayahi bebarengan (sambatan) sakulawarga, sasadulur, lan satangga-teparo. Ora ndeleng kapitayan lan agamane apa; ora pekewuh sing kagungan pategalan pasawahan perangan kulawangsane dhewe apa dudu; tegalane duweke dhewe apa mung buruh. Yen swasanane ora rukun, mokal tandang-gawe tetanen bisa rampung. Kanthi mangkono, tandang-gawe nenandur pari-pulut mliketake antarane kulawarga lan tangga-teparo, lan ngraketake batine para kulawangsa ing dhusun kalawan pategalan-pasawahane (palemahane, bumine) kang tan kendhat ngasilake wulu-wetu (pametu), satemah marang Langite (Pangerane).

Beras-pulut iku ketan. Ketan, pliket ing badan. Ketan-pulut ginawe ketan-woran. Ketan-woran yaiku ketan-karon santen kang wis mateng, anggone ngrahabi kacampur parutan klapa mudha. Ketan-woran disuguhake marang para rewang kang padha pasang tarub, tata-tata piranti olah-olah, mbeleh kewan ingon-ingon, ngangsu banyu golek godhong, lan sakpiturute. Sakliyane maregi, ketan woran pancen mralambangake awor-asuhe para tangga teparo anggone sambatan kanthi suka-rena, lila-legawa, nunggal-karya ing acara ewuh-manten. Ketan-woran uga asring sinebut ketan-wuran, ketan kang mawur, yaiku ketan-ketan kang anggane isih mawur, durung dhempet-dhempet awor-winor kaya ing lemper, dhuwure maneh kaya ing wajik, dhuwure maneh kaya ing jadah. Ing tembe, kaajab, para kulawarga tangga-teparo kang mawur bisaa awor, ajur-ajer, tembayatan sesambatan tandang-karya ing ewuh-mantenan. Para rewang lan sing duwe gawe karaketake lumantar santen lan parutan klapa. Bisaa raket-rumaket gumilig gegolongan kaya lemper kang ‘wajib’ dianakake ing acara ewuh-mantenan.

Lemper pancen gilig, gumolong wujude. Kawungkus ron pisang. Rerenggane lemper makili rerenggan nyawijine sri panganten: wanita kang mungkus lan gumolong-gumilige priya ing jerone. Bahane beras-pulut (ketan), isen-isenane abon-abonan: rahsa (inten) saka wit-panguripane wong dhusun (parutan klapa) lan nyawane wong tani (kewan ingon-ingon; daging sapi, ayam, utawa ulam). Lemper kaedang ing padangan, ben kekel. Ibu-ibu tangga teparo kang padha rewang kebageyan ngrengga lemper: saka ngekum ketan tekane lempere mateng siyaga kasuguhake marang dhayohe. Lemper, lumantar ketan ing dhirine, kanggo ngraketake (mulutake) para rewang, para dhayoh, klawan sing duwe gawe ewuh. Lempere ora lali dinget, ben ora mambu.

Kulawarga kang nembe ewuh, sakliyane gawe dhaharan lemper, uga minta-sraya ibu-ibu perewang ngolah dhaharan liya kang bahane beras pulut uga, yaiku wajik lan jadah. Wajike pliket rumaket ing tangan karana dayane gula; pantes kanggo mahargya sri penganten sakloron kang ngancik “dhandhanggula”. Woh kang manis bakal nuwuhake wiji. Dene panganan jadah, uga mralambangake rumaket lan plikete sri penganten. Jadah, kang bahane ketan (beras pulut), sakemper karo puli, kang bahane sega (beras biasa). Jadah kuwi jane ya puli. Ing Gunungkidul sing lumrah sinebut “puli” iku puli-sega utawa puli-beras, dene kang sinebut jadah kuwi puli-ketan. Puli (‘pulay’), miturut nalare wong kuna, ateges raket, rumaket, ngraketake. Carane ngolah kanthi dibebak, utawa ditutu ing lumpang (pralambang wanita) lan alu (pralambang priya). Mula, ora salah yen ta puli-jadah dianggo minangka pralambang ngraketake antarane penganten wanita lan priya. Wajik lan puli-jadah, tarkadhang puli-sega (legendar), kasugatakake marang dhayoh ing pahargyan manten.

Lemper. KH/ WG

Sakliyane kanggo pasugatan rikala dhayohe teka, lemper, wajik, lan jadah (puli), kanthi sadhar ginawe dening kang duwe gawe kanggo ubarampe srah-srahan penganten lan ‘ulih-ulih’ tumrap kang padha nyumbang. Lemper, wajik, lan puli-jadah, pancen ketan; plikete badan. Kulawarga penganten priya ngaturake iki sedyane bisa ngraketake anggone paseduluran, mligine bebesanan, karo kulawargane penganten wanita. Kulawarga kang ewuh, rikalane ngaturake ulih-ulih marang kulawarga liya (dhayoh) awujud panganan mau, bisaa tansah raket-rumaket uga pasedulurane. Luwih wigati maneh, lan dadi punjere, panganan kanthi bahan ketan (beras-pulut) iki dianakake ing acara ewuh-manten supaya sri penganten sekloron tuhu bisa pulut-pulutan, ngraket-ngrumaket, mangun bale-wisma kang rukun nora crah, nglairake woh-wos-wijining panguripan kang tundhone bakal ngraketake paseduluran ing bebrayan agung.

Bebakalan wiji mau ing tembe kang ngraketake pakebonan, pategalan, lan pasawahan (palemahan; wanita) kalawan Langit (Pangeran). Mapag mantenan-agung candhake: ewuh gedhen-gedhenan.

Kala-kalane ewuh-mantenan bocah-bocah nginceng jadah-lempere. Mal-mel si bocah mangani jadah, wal-wel ngumpetake lemper. Nglamuti ketan sisane kang tumempel ing dariji tangan. Eh, ana bocah kang mulut-mulut panganan kanthi sesidheman kanggo jagan wayah bubaran.

Dene mantene pulut-pulutan. Mantene pliket-pliketan. Mbuh awan mbuh petengan. [KH/WG]

Berbagi artikel melalui:
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  

Komentar

Komentar