Kukusan

oleh -
oleh
iklan dprd
Kukusan lan nyaton: piranti budaya kulawangsa Jawa kang dianggo ngroncong, nguwabi, ngenget, manasi, utawa ngangsepi (bebarengan karo dandang) maneka pepanganan kang mapan ing sadhuwure dandang kang digeneni. Dok: WG

Rerenggan punthukan gunung-gunung ing Gunungkidul (‘pareden’ utawa ‘pagiren’ tembunge: dumadi saka redi-redi utawa giri-giri [coba dideleng: saka Giripurwa ing iring kulon tekeng Girisuba ing iring wetan arupa redi-redi utawa giri-giri; dhusun-desane ya tinengeran: giri; ora lumrah sinebut ‘geneng’ utawa ‘endra’ kaya Gunung Lawu ing Karanganyar kana umpamane]) ana kang mencu-susu. Ana kang mbalung-irung; arupa kukusan. Sing kagungan ngelmu bab kepiye dumadine punthukan gunung-gunung ing Gunungkidul, sing sinebut pareden utawa pagunungan mau, ngapa kok mencu-susu utawa mbalung-irung, ya para sarjana-sujana geologi-geografi.

Ora ana perangan bumi kang ingaran punthuk tanpa ngelmu geosfer: bayu, banyu, watu, lan lebu (lemah). Ora ana lemah kumukus myang tawang tanpa panas (geni). Ora ana geni tanpa bagaspati (srengenge; sereng pancoronge). Ora ana bagaspati tanpa ratri (peteng). Ora ana manungsa-kekel tanpa padangan ingaran weteng. Tanpa pepeteng. Supayane uripe wong dhusun kaya Si Simbok mijilake kukus, isuk umun-umun rikalane njaban-omah isih peteng remeng-remeng Simbok miwiti cethik geni ing pawon. Uripe Simbok disumubi.

Rerateng tata-tata ing pawon nyamektakake dhaharan lan nyamikan kagem para tangga teparo kang bakal sambatan dhudhuh-matun. Sampeyan wis pirsa: “pawon” iku papane awu utawa lebu (lemah); yen wong-saiki nyebute ‘dhapur’; dudu dhapur-pring apa meneh dhapurane (raine) wong lho ya. Swasana rerateng-tata-tata ngene iki minangka pratandha ‘peteng’ kumudu gumanti. Wong-wong angayahi karya. Cethik-genine nggunakake kekayon. Kekayon-obong. Kobonging kekayon ndayani dandang, kang wis kisen banyu, manjing panas. Panas ngebulake kukus. Uwab. Angsep. Sumub.

Kriyane: ngukus (sarana kukus). Ngangsepi (sarana angsep). Nyumubi. Ngadang (sarana piranti padangan: dandang-kukusan; iki tembung loro-sajodho kang padha dene njangkepi ‘ana’ne). Wos (beras lan beras-pulut) dikukus. Tela dikukus. Apem dikukus. Yen sinawang, ngukuse kukus/kebul/uwab warna pethak kang bas-bus iku (umetu saka sela-selaning kukusan lan dandang) kadya kukus kang mumbul saka kukusaning gunung-geni, nguwab nyang angkasa. Ben mateng, panganane (manungsane) perlu dikroncong ing dandanging jagad kang ditapungi kukusan (gunung/redi/giri), diseseli nyaton (bathok mengkureb) ing pencune.

iklan golkar idul fitri 2024

Beras, tela, glepung, lan manungsane perlu ngrasakake hawa panas (umob) lan kasusahan kang matumpa-tumpa, kang numpeng-mundhung. Ing tembe, ing pareden/pagiren ing Gunungkidul kaajab para beras, para tela, para glepung lan para manungsa bisa tuhu mateng (kekel) lan bisa ngukusake angsep nyang angkasa. Dene yen ana para Simbok utawa Bapak padha ngangsepake kukus-gantung (ngukus-gantung), ing wreksa utawa utawa para lambang utawa dalem-pagantungan, manganggo sarung-tetali-gegendhong-dhadhung, yaiku sumub-kamanungsan kang ngukus myang awang-uwung lelantaran pedhoting suksma klawan gembung, arep kepiye meneh. Mbokmenawa iku pancen padangan (waca: papan, dalan) muksane Si Wuwung. Kanthi cara mbalung-irung.

Myang suwung.

***

[WG]

Berbagi artikel melalui:

Komentar

Komentar