Gathot

Gathot sing wis dipe/digaringke. KH/ WG
Gathot sing wis dipe/digaringke. KH/ WG

Paling ora ana patang cara kanggo ndadekake lan ngawetake sawijining barang (urip lan mati) ing jagad iki, yaiku kanthi cara: ngekum neng banyon, mendhem ing lemahan, manasi (matengake) ing dhuwur geni, ngangin-anginke ing dhuwuran (tawang). Patang laku iki kadhang sulih-gumanti, tarkadhang tembayatan. Jalaran ana kang sinebut durung cukup ‘dadi’ yen mung dikum ing banyon wae, dipanasi ing geni wae, lan sakteruse. Isa rong laku, utawa telung laku dadi siji. Nalar ndadekake lan ngawetake sawijining barang iki wis kempel karo dumadi-ngrembakaning menungsa ing endi papan; manjing ing budayane. Uger duk manungsa tinitahake sakeng ‘tawang’ (alam kalembutan) kasangonan ngelmu mbudaya. Satemah jejeg-adege kulawangsa manungsa sinengkuyung patang laku mau. Kuwat, kukuh, santosa ing uripe.

Lestari.

Ing nalar purwa, dumadine manungsa mbutuhake dipanasi luwih dhisik; dimatengake: ngranggeh swasana ‘rumagi’. Wangsa manungsa karengga saka rahsa lan sarining siti, ka-obong, kapapanake ing dhuwuring giri; kaangin-anginake. Kacemplungake kawah. Kabacem. Kakum. Dikantheni daya. Didayakake badane. Dudu mung mligi lemah kang ora bisa jejeg. Ing nalar pawayangan, yaiku nalar (‘psike’) wewayanganing manungsa Jawa kang rumasuk ing nala, kang minangka kacabenggala, Bambang Tutuka, putrane Wrekudara, kumudu kacemplungake luwih dhisik ing kawah Candradimuka. Kaolah, kajenang, ing kawah bareng saklwir gegaman sanjata. Ndadekake barang-urip karan daging kang sekti mandraguna kaparingan asma Gathu(o)tkaca. Nedya kajagokake Dewa mbesmi parangmuka. Si Gathot kukuh badane yen kataman ing sanjata. Walulange wesi lire. Iki kasantosane.

Gathot kuwi panganan sing ngandhut kasantosan pulen, semu kiyal, kenyal-kenyul, mental-mentul rikala kamamah (kacokot); yen kulawangsa Gunungkidul duwe panyebut: cethut-cethut utawa cemethut. Ora atos kaya dene krecek (manggleng), ning ya ora empuk kaya gethuk. Gathot minangka tetedhane para kulawangsa kang tekun tetanen tela. Gathot asale saka gaplek. Gaplek iku tela (kaspa) kang dipanasi ben garinge (digaringake). Jinise gaplek (tela) kang ginawe gathot isa werna-werna, gumantung kang ditanem ing kebon-tegalan jinis apa. Ning lumrahe tela ireng.

Gathot sing wis didang. KH/ WG
Gathot sing wis didang. KH/ WG

Gaplek dikum ing banyon sasuwene telung-dina telung bengi. Tujuwane gaplek diekum supayane empuk. Dicampuri enjet, yaiku watu-gamping kabanyon, nambahi gampang empuk. Wus dadi sipate enjet (gamping) yen dibanyoni pating blekuthuk kaya mblekuthuke kawah. Pralambang kawah kang mblekuthuk minangka dalan kanggo nyantosakake samubarang. Klebu Tutuka dhuwur mau. Ngekum uga bisa ndadekake gapleke pulen. Pulen iki swasana kang sarwa ‘pulay’ ing nalar kuna, ing carita kuna, sarwa rumaket, kaiket siji lan sijine perangan-perangane; kadi puli-sega (legendar) utawa puli-ketan (jadah, wajik, lemper). Mula ngekum barang-bakal supaya ngancik barang-dadi wigati banget. Wiji (winih) kae yen bakal ditandur ya dikum luwih dhisik. Manungsa supaya suci ya kudu akum luwih dhisik. Kakum ing sumber banyu. Kalarung. Mblesek jero ing telenging banyu. Utawa kagebyur banjir banyu. Utawa kadhepake ing gunung-geni. Diawoni (lingga: awu). Kaobong. Dikepeti nganggo barat. Lan sakpiturute.

Sakwise rampung kakum telung dina telung bengi gaplek kang empuk ditus ing kalo utawa irik supaya asat banyune. Laku ngekum dibacutake ngimbu. Gaplek-empuk diimbu ing tenggok utawa tomblok kang linambaran lan tinutupan ron gedhang. Anggone ngimbu sawetara wektu, udakara rong dina rong bengi. Laku ngimbu gaplek dilakoni kanggo nuwuhake ‘ambu’, tan liya ya ambune gathot mengkone; sing dadi ciri-mligine. Kaya dene panganan liyane, supaya dumadi mateng perlu diimbu, utawa diungkeb (dipapanake ing papan kang sinebut wadhah; ora ketaman angin). Imbu utawa ungkeb nuwuhke swasana panas tumrap kang diimbu utawa diungkeb: gapleke. Pangimbon lan pangungkep nglairake jamur, kapang, utawa ragi. Ing gaplek banjur tinemu ‘wulu-wulu’ ireng-putih pratandha anane jamur.

Gapleke kang maune putih malih jamuren kuning ireng putih pindha warnane manungsa, pating blontheng; umpama njamure kulawangsa manungsa.

Gaplek bakal gathot kang jamuren dikumbah siji mbaka siji supaya resike. Ing banyu-mili. Njur diepe ing panasan (ketaman sunaring srengenge). Memper karo wos utawa beras, sing dadi ama-ne gaplek kuwi ya bubuk. Umpama anggone ngepe ora garing tenanan, gampang diama bubuk (kewan cilik-cilik kang mapan ing wos utawa gaplek utawa jagung utawa glepung). Mula, sabisa-bisa gaplek bakal gathot anggone ngepe sing garing.

Wong dhusun kaya ing Gunungkidul iki anduweni tata-cara ngawetake cadhong panganane. Prasaja titenane. Angger ana panganan ya kudu ana sing ‘disinggahke’. Ora dientekke kabeh. Adat iki ora mung dadi teknik cadhongan tembe-buri thok thil, ning uga dadi tatacara nyimpen panganan supaya awet. Tembung ‘disinggahke’ kuwi kadhangkala digenti nganggo tembung ‘diunggahke’, utawa ‘diinggahke’. Tegese, cadhong panganan disimpen ing papan dhuwur, lemari utawa paga. Cadhong pangan didhuwurake drajade; dipundhi. Dene kang tumrap panganan kaya dene gaplek bakal gathot mau, lan barang iki wis isa diarani gathot, kasimpen kanthi cara ‘diinggahake’ utawa ‘diunggahake’ ing papan kang dhuwur. Kaangin-anginake. Supaya awet ora gampang kapangan bubuk. (Yen jaman saiki kasimpen ing kulkas).

Gathot sing dikrawu. KH/ WG
Gathot sing dikrawu. KH/ WG

Gaplek kang wis malih wujud gathot, kang sumimpen, sawayah-wayah bisa diolah maneh njur karahabi utawa kanggo oleh-oleh tumrap para sanak sadulur sakulawangsa kang wus ngrembaka-mbanjir ing endi papan endi paran. Minangka tamba kapang (kangen) marang gathot (lumantar kapang [jamure]) kang wus asung pambiyantu ngukuhake uripe duk rikala semana. Rikala ‘rekasa’ urip ing desa.

Umpamane gathot arep langsung dirahabi, ora ndadak disimpen, ya kari wewujudan dlujuran gathot dicuwili njur didang. Ning yen gathot kasinggahake sik kaya dhuwur mau, karana gathote garing, atos ora empuk pulen, mula gathot kakum maneh luwih dhisik sasuwene rong dina rong bengi. Ben empuk. Lebar iku dicuwili cilik-cilik, cukup nganggo driji tangan, supaya matenge wrata. Njur kadang ing dandang utawa soblok. Ben kekel. Pulen. Yen didhahar cemethut. Kaya lumrahe: cuwil-cuwilan gathot kapapanake ing kukusan njur dikekebi. Supaya kesumuben banyu saka jeroning dandang. Bisane antuk mateng kang pas, rikalane ngedang cuwilan gathot (sakwise banyu jeron dandang umub) sinambi dipyur-pyuri banyu ping pindho ping telu. Angkahe supaya si gathot antuk swasana mateng kuwi mau. Ben tanak. Wong dhusun duwe aran kanggo barang kang ditibani tandang-gawe ngene iki: dikaru. Kaya dene yen adang sega. Sakliyane tanak, gathote ora ‘ngglanuk’ (ora sida mateng; antarane mateng-mentah). Gathot didang udakara 30-an menit.

Rinasa cukup tekeng tanake, gathot dikebruk ing kalo utawa irik. Didhem sauntara ben ora pliket. Plikete nggon gathot karana ‘amilum’ kang umetu. Yen isih panas isih pliket banget. Tarkadhang, saking pulene si gathot, nganti dha dhempel-kraket karo liyane. Yen wis adhem, isa pinisahake cuwil-cuwilane gathot. Gampang anggone ngrawu. Gathot lumrah kasajekke awujud krawon: kacarub karo parutan klapa (kambil) lan sarem (uyah). Parutane klapa kapilih klapa kang ‘matal’, tegese dudu klapa anom ning ya dudu klapa garing. Utawa bisa karahabi mligi gathot thok tanpa krawon klapa.

Kaya kang sumadya ing bango oleh-oleh Yu Tum lan liya-liyane kae.

Gathot krawon eca dianggo nyamikan kala-kalane wedangan dening para kulawangsa dhusun ing Gunungkidul; anggone sengkut-gumregut tandang-gawe ing pekarangan lan pategalan. Gathot dadi kanca sesambat rikalane sambatan: bisaa gathot, kayadene greget ing carita purwa, ngukuhi, nguwati, nyantosani urip bebrayane wong-wong padhusunan. Ngelingake marang mula-buka, mula-dumadi, lan lestarine uripe.

Mbokmenawa pancen gathot laku uripe manungsa iku; prelu dikum, dikumbah, didang, dipe, lan diangin-anginke. Diinggahke (diawetke). Dikaru (dipyuri banyu). Dikum maneh. Didang maneh. Ben njamur. Supaya rumagi. Dikumbah. Didhemke ben ra pliket. Dikrawu. Yaiku minangka laku prihatin. Snajan ala wujude yen sinawang. Mengkono sakteruse. Murih kukuh santosane Si Gathot. Dadi enak lan tanak. Ora njur sithik-sithik nesu merga ra keduman ‘gathote’. Mung empuk thok. Ringkih. Imah-imih. Ngglanuk. Karana ora pracaya ing dayaning pribadi njur ngarani nistha sanake.

Dadi kiyal lan kecut pradesane; negarane. Bebrayan agunge.

Dudu cemethut kaya gathote.

Penulis : KH/ WG

Berbagi artikel melalui:
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  

Komentar

Komentar