Gatholoco

oleh -1619 Dilihat
oleh
Gathul, perkakas tradisional petani Gunungkidul. KH/WG.
Gathul, perkakas tradisional petani Gunungkidul. KH/WG.

Iki dudu ngudarasa bab Serat Gatholoco kang misuwur kuwi, ning ngudarasa bab gathul, piranti olah tanen wong ndesa. Cekak. Mung pangrasane wong kang cupet nalare.

Ngomongke piranti-piranti ‘teknologis’ ing budaya ‘tani’ (agrikultur) ing Gunungkidul (jinis lemah-olahane akeh kang pategalan; snajan ing Gunungkidul ana kang pasawahan) kayata: gathul, pacul, ganco, arit, pethel, bendho, pangot, garu, luku, ungkal, lesung-alu, lsp. pancen nyenengake (paling ora tumrapku). Penggalihan kang ‘ganep’ lan maneka (kompleks; sing kaanggep ganep kuwi sing kaya ngapa ya? Ana pa, ya? Bab budaya tani ora bisa uwal saka sambung-rapet-kempel antarane perangan-perangan budaya kang dhasar, tinemu ing maneka kabudayan ing buwana iki, yaiku religi (tembung ‘religio’ kang daktegesi: tali utawa talenan, iket [kaya kang ditamakake tumrap isining sirah], antaraning menungsa klawan Pang[h]erane; kalabandana kang purwa lan jeru banget; primordial; papane manungsa nggantung, nggumantung, nggantungake uripe), basa (kisi oyoding [‘akar’] ngelmu [sains]), tatacara (teknik), ngelmu utawa kawruh (‘logos’), seni (kabeh jinis/golongan seni), tata aturan omah-omah utawa bebrayan agung (kulawarga-kulawangsa), pakaryan, lan panganan.

Mbacutke omongan bab salah siji perangan kabudayan gelem ora gelem (tansah) sambung karo wolung bab iku mau (sethithik edhing). Siji lan sijine nyengkuyung ing liyane. Mbokmenawa ngene iki saka-ne (dhedhasarane) kabudayan, uga kabeh kang klebu golongan ‘urip’, yaiku kriya bebrayan; nyawijine sipat lanang lan wadon.

Gathul, minangka piranti mbudayane para among-tani (pamong lemah) ing Gunungkidul, yen mangkono, temtu sambung karo religi, basa (utamane basa-Ibu), ngelmu, teknologi, tata aturan omah-omah, seni, pakaryan, uga panganane wong Gunungkidul. Panganan kang lair saka (ing antarane) wiji (wos). Kang tinandur ing jeroning lemah. Pasiten Gunungkidul. Uga sambung karo ‘oyod-oyodan’ (tela, pala-kependhem). Gathul, ing wujud piranti beda-mligi, gayut lan gathuk karo palemahan Gunungkidul.

Ngempanke utawa namakake gathul iku kaya dene piyayi ngagama. Ngagama (nata urip kanthi cara tartemtu) supaya manjing karo Pang(h)eran mokal bisa kasil yen tanpa manganggo agama (talen-kulawangsa) kang awujud budaya Bumi; Lemah. Budaya iku lair saka wetenge palemahan (Siti J[H]awa). Kang digathuli nganggo gathul mau. Wijine, wose, palane, ya gumantung Si Gathul lan Si Lemah tembayatan nuwuhake.

Angel tumrape kulawangsa ing dhusun iku duwe keyakinan manawa kasunyatan (‘ultimate-reality‘) bisa karanggeh. Jer kasunyatan sejati amung kagungane Pan(h)eran: papane kasunyatan mau. Wong dhusun bisane mung saderma ngupiya, ngudi, njur narima, asile kaya ngapa, pandume sepira, ndherek kersane Pang(h)eran. Nora nepuk dhadha ‘rumangsa bisa’ ngolah Lemah; nggege mangsa panen raya. Kaya ngene iki, mbokmnawa, sing diarani seni tetanen. Tur ya ana karya senine. Gathul lan kanca-kanca ceciptan budaya tani. Luwih-luwih sastrane. Ngukuhake pakaryan tetanen.

Yen rumangsaku (p)enere ceciptan budaya tani (pribumi, primordial) kayadene gathul iki beda karo sawetara penggalihane posmo-logi kae (snajan uga kerep ‘ngomongke’ piranti budaya tani); seni kang kebak aji ‘semu’ lan (akeh-akehe) mung apus-apus, nul isine (“art is a lie that tells the truth” ujare). Dudu. Kengidulen yen wong dhusun ngomong; kebablasen; enere kleru (kaya bocah cilik kang diwenehi panglulu, njur malah nglakoni tenanan). Pasemon iku dadi tatacarane (senine, teknike, akrobate) para leluwur ngendikakake kasunyatan (sunyata: nyata kang tuhu). Sawijining penggalihan, sastra (ngelmu-dhuwur), diklambeni. Ben ora mlaha. Ning ya wantahe nutupi isi. Mung wae sing ditutupi nyata. Kepara sunyata. Merga iku angel anggone mbukaki. Sing ngene iki kosok-balen karo ‘kasunyatan’e sawetara prodhuk posmodhern, snajan ‘katone’ padha plek pilihan tembunge, ‘hiperreality’ lan ‘pasemon’, mung wae sing ngarep ateges kasunyatan kang dudu sanyatane (tetiron, kopian kang menggok). Padha dene diklambeni jane, ditutupi. Padha dene pasemon ya isa menggok. Mung wae sing siji ngidul sing siji ngalor (le klamben neng tengah). Ceciptan, reriptan, temtu dilandhesi rasa lan rep. Penggalih (nalar lan rasa). Mula, gathul iku karya seni kang linambaran rasa-pangrasane para among tani sajroning olah tetanen. Tata-cara (teknik) panganggone ditamakake ing lemah. Lemah didhudhah. Dileboni wiji. Gathule dicekeli. Kenceng. Kukuh. Pengkuh. Munggah-mudhun.

Gathul utawa gathel, iku endhas planangan (ing peprincen anatomi badan lumrah diperang telu: sirah, awak, sikil) kang mlebu, nojoh, nguthek-uthek, nggaruk, ngratakake, malik, lemah. Mula, piranti tetanen kang sinebut ‘gathul’ iku minangka p(a)lanangane jagad (aku ora nlesih luwih dhisik tatacara nalarku nganalisa iki bener utawa luput [nurut filsafat mbokmenawa sinebut ‘logical-fallacy‘], kepara akeh kang nglambeni ‘cocokologi’; rak kabeh wong bisa gawe logika, silogisme, epistimologi, topologi, miturut dhedhasaran ngelmune dhewe-dhewe, ta, idhep-idhep ngrayakake apa sing nembe ‘angas’ [angete telek pitik] ing 17-an iki diarani ‘kamardikan’?; tur Sampeyan isa nyalahake nalarku iki kok, lha wong Sampeyan nyalahke awakku merga anggonku nalar salah [‘argumentum ad hominem‘] wae aku ra pa-pa). Ateges, pangrasaku, gathul makili perangan anggane manungsa, badaning kulawangsa. Gathul, minangka endhas planangan, sing lumrahe nyekel, ngemek-emek, nadhahi, nampani ya sing biasane katampanan sipat “nggatheli”, “nggathuli”, yaiku wong wadon (tuladha ing pacelathon padinan kasar mengkene: “Kae, Si Sri kae, jan nggatheli tenan, Mas!”; ateges Si Sri lagi nedheng-nedhenge pantes ‘dilanangi’, lumrahe merga Si Sri iki wong wadon kang ayu rupane, utawa sing semu ‘kiwa’ tegese: “kemayu”, “ngrayu”). Si Sri, nama-dhirine manungsa-wadon (kadhang tumrap raja kang mengku buwana/bumi) kang pakaryane dadi among tani, tan liya ya Si Lemah; minangka pasemon tumrap pategalan (lan pasawahan) kang njejaluk diolah nganggo gathul (minangka endhasing planangan). Dening para kulawangsa. Si Sri bebarengan karo Si Ngatemi, Wiyem, Giyem, Ginah, Dikem, Rejo, lan liya-liyane padha nyekeli gathul rikalane nandur kacang dhele jagung, dhudhuh, lan pakaryan tegalan liyane.

Ngolah lemah nganggo gathul. KH/WG.
Gathul menyatu dengan tanah, mengolahnya, menjadikan subur tanaman yang disiangi. KH/WG.

Saka iku, yen rada dolanan ‘gender’, gathul lumrah dianggo wong wadon (wadu) tandang karya, dene pacul wong lanang. Snajan ing tataran ‘praktek’, sing nggunakake gathul ya lanang-wadon, bapak-simbok, pakdhe-budhe. Sipat ‘palanangan’ tumrap gathul mungguh ing bab manawa gathul iku ‘ligan’-e kulawangsa manungsa ngolah lemah (pawadonan). Lemah iku wadon, manungsa lanang. Yen miturutku, kabeh prakara ing jagad iku ora bisa uwal saka pirembugan gender lanang-wadon utawa padudon loro-lorone. Gur kari golek pasarujukan wae supaya samadya (sajajar) kekarone. Laras.

Ing pategalan ing Gunungkidul gathul dadi garane para among tani tandang gawe kang ana sambung rapete karo nenandur wiji utawa kang klebu peprincen wiji. Wiji kacang, dhele, jagung, gudhe, lan sabangsane. Rikalane thukulan wiji umur 30-an dina, gathul dianggo dhudhuh, matun, utawa dhangir thukulan. Uga 60 dina. Sesuketan kang mungguh ing sela-selaning thukulan digathuli, digaruki, dijimpiti, njur diguwang; pangajabe supaya ora ngreridhu tuwuhing si guru-bakal.

Lair guru-dadi.

Asiling olah tetanen nganggo teknik nggathul ing antarane: kacang, dhele, pala-pendhem, lan jagung. Prodhuk olahane ya peyek, sambel, tempe, sega, gethuk, utri, lan liya-liyane. Wong (wwang, manusa, manungsa, ‘man’) Kulonan (Barat) kang titis (ora kabeh wong utawa ngelmu Kulonan kuwi materialis, utawa kosok balene ora kabeh wong Wetanan/Timur iku spiritualis; sing jane penjilat tur materialis ya uakeh; sing disemoni Mbah Ranggawarsita ‘kaya sayyid weton Mesir ning remenane ngendhak-endhak wong liya utamane kulawargane dhewe’ ya kathah; dom sumurup ing banyu; satru jroning dhiri), bakal ngomong yen psikologi-seksual iku kasunyatane nyawiji ing kabeh rerupan, reriptan budaya ing jagad iki. Apameneh duweke pribumi. Akeh teori modhern kang tuwuh saka tegalane pribumi. Seka piranti , taneman, sato-kewan, adat saben, utawa upacarane pribumi. Wiwit ska “sastra-jendra” tumekeng “neo-kolonialisme” ya gayut karo psiko-seksual (psike-logi seksual). Temtune ora mesthi maujud wantah. Ana kang batin sipate. Gathul kang wantahe ateges planangan ndilalah batine ya asipat lanang. Nama-dhirine gathul mesthi wae gayut karo tata cara kulawangsa Gunungkidul (kang diwarisake turun-tumurun) ndeleng lan ngrasakke alam lan isine. Etnonimi (panyebuting sawijing piranti/barang dening sawijining kulawangsa adhedhasar ngelmune dhewe) ‘gathul’ ya ateges wantah (organ seksual; genital) ya batin (lembut; sipat dhasar). Loro-lorone salaras (‘persamaan-linier’). Panyebuting nama, peparinging tenger, tumrap wong Jawa lumrah manganggo gegambaran tandang gawene utawa papane. Umpamane: Mangkubumi lan Loring Pasar.

Nganggo nalar iku, gathul-loco yaiku gathul kang ngloco palemahan. Merga pocapan ing basa padinan, basa enggon-enggonan, dumadi “gatholoco”. Ndilalahe ana ngelmu, aliran, badan, idheologi, kang anama iki banjur dicubriyani malaku mangiwa (nerak paugeran agama). Para among-tani kang nggunakake piranti budaya tani kang sinebut gathul (lan jinis liyane kang pigunane meh padha) temtu (kanthi purwa-sadhar, sadhar, utawa ora sadhar) wis menganggo epistimologi, psikologi, seksologi, teknologi, seni, religi,… gathul ing uripe. Ora bisa diselaki. Kayadene leluwur Gunungkidul ing Ngawen, Mbah Anggaloco, yaiku panyebuting dhiri adhedhasar tandang karyane olah tetanen ing wewengkon Alas Wanasadi Ngawen. Si Simbah nilar asma minangka tenger dhirine kang manjila minangka pamong tani. Panjenengane temtu manganggo piranti ‘planangane’ para among tani lumrahe. Ing antarane ya gathul (palanangane kula-wangsa) mau, kang pigunane kanggo ngolah lemah tegalan (pawadonane alam). Genital-e alam. Riwuk-riwuk sesuketan digathuli, didhudhuhi, didhangiri. Asil panene nuwuhke katentreman sakukuban. Ing tembe Panjenengane manjalma teknokrat, nggayuh tataran suci. Mokswa. Kanthi lelaku ngolah lemah suci.

Ganthul kembali disimpan setelah selesai digunakan. KH/WG.
Ganthul kembali disimpan setelah selesai digunakan. KH/WG.

Pancen, para kulawangsa anggone ngrasakake lan ngrasukake asihe Bumi, Lemah, utawa Siti sesandhingan karo pangasuhe Langit iku angel rinanggeh. Dhuwur-dhuwure ya mung gumandhul. Nggegandhul. Ing gandhulan (sawetara ana kang milih gegandhulan ing jireting tali = “gantung diri”). Gegandhulaning Na-kula, kulawangsa, kulawarga Gunungkidul.

Ya gathul.

Supaya kapranggul, apa kang kagalih “tapaking kuntul”.

Penulis: Wong Gunung.

 

Berbagi artikel melalui:

Komentar

Komentar