Caping Gunung

oleh
Simbok tani nganggo caping. KH/WG.

Yen ana wong nganggo caping gunung isa sinebut “nggunungi”. Sebab? Tindak-tanduke nganggo caping gunung temtu nengeri yen dheknene wong gunung, nadyan caping gunung mratah dianggo wong-wong pasawahan lan pategalan kang nora manggon ing angganing gunung.

Mbokmenawa tegese: caping gunung ika tetiron sirahing wangsa kang panguripane banget nggumantung marang gunung, utamane gunung-geni). Bacute, tetiron kang mapan ing sirahing wangsa lan sipate nudhungi utawa ngudhungi ika sinebut gunungan, tegese rerupan gunung, utawa gunungan-sirah.

Kridhane pancen ngudhungi sirah ska dayaning panas, nudhungi erah saka dayaning udan; rerenggane memper gunung. Wis dadi sipating sirah, utawa angganing manungsa, antarane hawa panas lan adhem, sarta angin, antuk dalan kang imbang lumebu ing badan. Kepanasen ya ndadekke lara, kadhemen ya ndadekke lara.

Beda yen srengengene wis “nunggang-gunung”; wis mapan ing gigiring gunung, wayah sendhe-kala, panase wis ora patia. Panalare kulawangsa tani banjur nuwuhake teknologi ngudhungi sirah supaya ora dadi larane.

Kodeks capinggunung sejatine awujud segitiga utawa krucut. Dene pucuke mancer ing sadhuwuring mbun-mbunan sirah: pancer lan lanciping panyuwunan marang Pangeran Bawana Ageng kang ngemong-among tanem-tuwuhe. Tudhung utawa kudhung sirah aran caping gunung lumrah kaenam ska wilahan pring utawa blarak.

Oh, iya, yen ngepasi hawane panas banget, capinge isa disambungi tedheng gombal, utawa gendhong, kaos, jarik, dianggo nedhengi gulu lan kiwa-tengen rai, utawa pundhak, utawa nggo ngaling-alingi prilakune kang nyalawadi.

Tembang kang rinipta dening Ki Gesang iki ngelingake babagan cerita caping gunung iku:

Dhek jaman berjuang, njur kelingan anak lanang

mbiyen tak openi, ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang, keturutan sing digadhang

mbiyen ninggal janji, ning saiki apa lali.

Reff:

Neng gunung tak cadhongi sega jagung

yen mendhung tak silihi caping gunung

sokur bisa nyawang, gunung ndesa dadi reja

dene ora ilang nggone padha lara lapa.

***

(WG)