Bathok Bathuk Beruk

Berbagi artikel melalui:
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
  •  
Beruk Takeran Beras. KH/ WG
Beruk Takeran Beras. KH/ WG

“Bocah Bajang anyenyangking bathok-bolu anenawu segara”
[Isbat]

Sadurunge wong-wong ‘sekolahan’ padha nyinau bab paradoksi, ngrujuk marang filsafat kang lair saka wetenge “pencerahan” Eropa, wong Nuswantara mligine wong Jawa wis manganggo ngelmu paradoksi ing uripe. Ana sabarang prakara ing uripe wong Jawa kang antarane barang-nalar karo barang-ora-nalar (intuisi; manah) manjing dadi siji. Katampa katarima dadi ngelmu kang turun-tumurun. Rong prakara (barang, bab, peprincen) kang asipat kosok-balen, mung wae siji (nyawiji). Badan lan pikirane kempel. Pikiran lan atine kempel. Tumrap wong kang nengenake nalar-tartemtu (logika, silogisme) sawijining paradoksi iku salah; ora bener. Ora bisa tinampa ing nalare wong mau. Utawa tata-cara anggone nalar wong mau. “Bathok bolu (bolongane telu) isi madu” umpamane. Bathok sing bolong, e bolonge wae telu, kok kisen madu: ora bisa (ora klebu ‘nalar’). Apamaneh isine madu: bathok isine ya daging-klapa utawa banyu klapa. Semono uga tetembungan, “Eseme pait-madu”: lumrahe madu iku arasa manis, dudu pait. Rong reroncen tetembungan kuwi kanggo ngunekake pangrasa: 1) kamulyan, kapinteran, 2) esem kang manis (sakpait-paite madu ya tetep manis).

Bener, ing tataran wantah (wujud, wadhah, wungkus) pranyatan iku salah; kurang pener: mosok bathok sing bolonge telu kok isi madu. Iki nuwuhake prakara (pradondi; konfliks; paradoks) mligi antarane wong-wong kang ngukuhi teges tembung ing kasunyatan kawantahan kalawan ing wewengkon kabatinan (lumrahe piyayi saiki yen ngrungu tembung ‘kebatinan’ ngono wae wis duwe panyangka ‘ala’, karana inganggep nalisir saka tata-kramaning ngagama; anadene kabatinan iku gayut karo samubarang kang asipat batin, kadidene Gusti kang anduweni sipat batin uga tumrap saksapaa kang ngrasuk agama). Kamangka wong-wong modern ya asring nggunakake lelewa-basa, metafor, simbol, pasemon, kanggo maneka keperluan kayata lapuran ilmiah lan sabangsane kang ngemot paradoksi ing jerone. Mung wae katone anggone nggunakake bab iki mau mung minangka alat/piranti wae, supaya bisa ngregem sawijining gegayuhan, durung kalandhesan panganggone paradoksi ing panguripane; karana reroncen tetembungan mau asipat lair kang batin.

Bathok, tumrap panguripane wong purwa utawa wong tradisional, wujud laire minangka wadhah ‘banyu-suci’ ing sabarang woh kang ingaran kalapa/krambil/kambil, racake yen wis ngancik umur diwasa, dene batine lumrah ngrujuk marang teges ‘wohing panguripan’. Yen klapa isih enom diarani manggar, mancung, njur bluluk, njur cengkir, njur degan/dawegan, nembe kemendho (klapa). Maduning panguripan bisa sinulihan lumantar woh klapa utawa kalapa utawa kalpa: wohing panguripan kang tinurunake dening Gusti ing bumi minangka tetiron kang ana ing langit; pindha manungsa kang cinipta neniru ‘rerupane’ Gusti Kang Nyabda Manungsa: wit-panguripan (kayu). Woh-panguripan kawadhahan bathok. Salaras karo barang alus kang sinebut akal, utawa ‘psike’, kang kasare awujud utek, jerone sinebut dimak utawa suksma utawa rahsa, lan syarafe (neuron) kang ewonan, kareksa dening bathok uga. Mula, akal, wawasan, utawa penggalihaning manungsa kadya madu, madu kamot dening bathok: maduning ra(h)sa.

Embun-embunan, utawa (m)bun-(m)bunan, utawa pasundhulan, yaiku lowahan balung sadhuwure bathuk; bathok-utek. Embun-embunan bisa katetepake dadi piranti (dalan) kasar tumrap rohanine manungsa, kang alus sipate dhuwur mau, sesambungan klawan Pangerane (pang-her-an: papan nggantung, gumantung; njur ana sedulur kang milih dalan nuju Pangerane, yaiku papan nggumantunge manungsa mau, kanthi cara ‘nggantung-badan’ utawa ‘nggantung-dhiri’, linandhesan kesadharan yen ta uripe amung ‘nggantung-laku’, karana urip iku pancen ana kang ngetokake/mepe ing wiwitane njur ana kang mulungi/pulung-gantung, arsa nyawiji/omah-omah karo Gustine semune ‘kawin-gantung’ sing siji neng ngisor nyoba ‘nyundhul’ sing siji sing neng dhuwur, lan snajan papane ing sirah ananging ngiket perangan badan ‘pulung-ati’). Embun, uludwara, wungwunan, nabyuka, minangka papan nyundhule (panujune) manungsa marang Gusti, yaiku apa kang nglimputi kahanan sejati. Papan iki arupa bolongan (papan-kothong) ing madyaning bathok-sirah, tan liya ya papan panyuwunan. Kaya suwunan ing perangan omah, pucuking omah utawa pasemon kamanungsaning manungsa awujud rerenggan wewangunan (arsitektur, ornamentasi), dene perangan njabane diarani wuwungan. Papan liwate angin panguripan (panyebuling sabda; abab).

Para leluhur kang wus pirsa Kahanan Sejati padha dene “diembun”, tegese disunggi/dipundhi sabdane, dhawuhe.

Utek lan perangan-perangan panyengkuyunge ngelingake manungsa supaya sinau marang peling (kolektif) purwa kang diwarisake dening para leluwur bab bathoke; wadhahe. Woh, wos, isi, nora bakal nana tanpa wadhahe. Mokal. Utek tan bisa urip tanpa bathoke; bathuke. Bathok, kang minangka perangan kanggo madhahi wohing-klapa, keras lan atos sipate, ing dhusun-dhusun lumrah dianggo piranti (teknologis) satemah nyengkuyung panguripaning manungsa. Ana bathok boji, bolong siji. Ana bathok boro, bolong loro. Ana bathok bolu, bolong telu. Bathok ngreksa barang alus: woh suci. Bathok, mligi tumrap wadhah daging klapa kang wis kemendho/tuwa lan banyu-suci, dianggo bahan gawe mangkok/ajang, irus, enthong, siwur/gayung, beruk, kepara tumeka barang-barang kerajinan uga dolanan (ngrawuhake rohe Dewi Sri/Nini Thowong) lan wadhah kanggo nyadhong pawewehing lyan/ngemis (ing jaman biyen). Banyu ing genthong sawise meneb dijupuk manganggo bathok. Jejanganan kang diolah santen diudhak lan dijupuk nganggo bathok. Bathok uga digunakake kanggo ‘gawe-geni’. Bathok, apa maneh yen wis tuwa lan garing, yen dianggo nggeneni olahan ing keren apik banget genine. Mulad-mulad, urube gedhe. Olahane bisa tanak tenan. Mula bathok uga becik ginawe areng.

Bathok-bathok
Bathok-bathok

Gandheng bathok iku tan bisa pinisahake saka uripe para among tani, mula anggone padha mindhahake, naker, nyuntak wos-wiji asil tetanene ya nganggo bathok. Sebutan pirantine beruk. Para wanita ing budaya tani duwe sesebutan Mbok Beruk: golonganing wanita kang mekonah, mepe, ngedol, nyamektakake wiji, tumrap woh/wos/wiji kang wis dadi adat-saben tinandur ing bumine (wewengkone). Umpamane wiji: pari/wos, kacang, dhele, lan jagung (palawija, yaiku woh/wiji). Ya Si Mbok Beruk kang ngandhung, ngandhut, ngreksa, ngasuh wiji. Bathok, bathuk, beruk, iku luwih anduweni sipat pawadonan tinimbang palanangan. Tandang gawene Mbok Beruk sesambungan karo ‘mepe’ wiji, ‘ngekum’ wiji (ben mateng; ing sangisoring sunaring srengenge/panas: “rumagi”), ‘ngonceki’ wiji, lan sakteruse. Sakwise tinandur lan tumuwuh banjur dipanen, digaringke. Wos-wosan diwadhahi. Ditakeri nganggo beruk. Kabudayan kang jejeg karana wos-wosan mapanake beruk kadya Si Simbok: yaiku kang bisa nampung, madhahi, lan momot apa kang dadi sambat-sebute para anak-putu.

Beruk mblegendhuk.

Beruk mratah digunakake minangka piranti takeran (dol-tinuku) tumrap wos-wosan. Ana sing diarani beruk sepuluhan, wawrate meh padha karo 10 ons (beruk-kilonan). Ana beruk welasan, bobote 11 ons. Ana maneh beruk rolasan, takerane 12 ons. Mberuki wos-wosan nganggo maneka ukuran ateges nenimbang bobote wos. Beruk iku timbangan, ukuran, takeran. Sepira bobote woh/wiji. Anggone naker anget utawa ora, supaya ‘anget’ (luwih akeh), dudu pas utawa trepes, mula ‘dicongkok’. Prilaku iki akeh dilakoni dening para padagang (bisa ing pasar utawa ing omah [akeh para among tani kang nuku wiji/wos nyang nggone tanggane; dol-tinuku dumadi ing pomah]). Yen pas, ora ndadak dicongkok, tegese ora anget, diarani ‘dithir’. Bobote wos/wiji pas. Apa kang ditindakake manungsa lumantar piranti-teknologise kang karan beruk mau, katujokake marang wos-wosan sajroning among lemah lan dagang, ora beda karo apa kang ditimbang-timbang manungsa lumantar wos/woh/wiji ing jero bathok-sirahe. Manungsa nglelimbang, nenimbang, ngukur, naker, iku nggunakake utek kang kasangga bathok sinebut bathuk. Kaya dene beruk, bathok-bathuk ya diisi woh-wohan, wos-wosan penggalihan. Gumantung prosesor lan memorine bisa momot takeran sepira.

Kebaka bathok-sirahe, wadhahe, beruke, diupayakke dinet-net, sak akeh-akehe bisa lumebu. Ngudi maniking penggalihan, suksmane jagad, rahsaning Pangeran.

Mbludak saparan-paran.

Lantaran tetakeran-tetimbangan ing bathok, ing beruk, lan bathuk mau minangka peling yen ta manungsa mung bisa ‘satitahe’; alon-alon kanthi cara tartemtu (basa Latin: para) menggalih sapa dhirine: nggegoleki bolongane. Manungsa nggegawe takeran: beruk. Nyangking wadhah: bathok. Naker nalare nganggo beruk. Madhahi penggalihane nganggo bathuk. Manungsa banjur wruh, rumangsa wis duwe kawruh: bab kang ing wektu awang-uwung (bolong, kothong) cinipta dening Pangeran ingaran ‘kayu’, kekayon, kahyun. Ning sanyatane, yen dipenggalih, ing antarane manungsa akeh kang tan wruh apa ing jeron beruke, jero bathoke. Dudu wong kang “atuntunan beruk” wae (njagakake pitulunge liyan terus). Apamaneh “awadhuk beruk” (tadhahe mangan uakeh). Nadyan saderma dadi wong wuta nanging bisaa wong wuta kang ngideri jagad. Manungsa banjur nampa narima (basa Latin: doxa) asil seserepane myang alam. Manungsa surup. Syarate, manungsa sapa-aruh mring sasamane. Kepiye ngreksa woh-suci (rahsa) sajeroning bathoke, buri bathuke: nindakake ‘darma’ kang ‘gumandhul’. Samekta ing gati: mbesuke bathok-panguripane (bathuke; nalare) mapag runtuh. Mangsa labuh.

Megat ruh.

(KH/WG)

Komentar

Komentar